Labels

Home » » Lelakune Urip: Jalan Hidup

Lelakune Urip: Jalan Hidup

صَلاَةُ اللهِ مَالاَحَتْ كَواَكِبْ
 عَلَى احْمَدْ خَيْرِمَنْ رَكِبَ النَّجَاءِبْ
 حَدَى حَادِى السُّرَى بِاسْمِ الحَبَاءِبْ
 فَهَزَ الشُّكْرُ اَعْطَافَا الرَّكاَءِبْ

Lirik Arti
Lakune urip mbok yo sing narima
Ojo tansah mikir yen urip sengsara
Mikirke bandha senenge ndunya
Iku kabeh mati ora bakal di gawa

Dadi wong urip mbok ora usah ngaya
Percaya lan nrima apa sing di garisna
Apa sing digarisna kabeh iku lakonana
Ojo lali nyuwun kang maha Mulya

Jo nggresula yen sira durung mulya
Syukurana lan sira kudu narima
Apa anane sira kudu legalila
Sing penting ndunga lan tansah upaya

Yen wong urip iku kudu narima
Wong urip iku kudu percaya
Bejo cilaka wis ana sing nakdirna
Gusti kang Kuasa iku sing nemtokna   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:06 PM

0 komentar:

Post a Comment