Kontributor

Labels

Ya Ilaahanaa: Istighfaar Mawas Diri

Lirik Arti
Yaa ilaahanaa idhfirlanaa dzunubanaa
Wa Sallimnaa fid-dunyanaa wa-ukhronaa

Duh gusti mugo kerso paring pangapuro
Doso kawulo ugi tiang sepoh sepoh kulo

Duh gusti mugi paring karaharjan lan mulyo
Wonten akhirat ugi donyo sak meniko

Poro sedulur Islam kabeh kang minulyo
Mangertenono wektu urip jo sio-sio

Ilmune dunyo ilmune donyo siro ajaro
Ilmu agomo ilmu agomo luwih prayogo

Sangune urip sangune urip golekono
Sangune mati sangune mati luweh utomo

Urip ing dunyo urip ing dunyo suwene piro
Manggon akhirot manggon akhirot ra bakal purno   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:09 PM

Syi'ir Shalawat Padhang Bulan Cipt. Al Habib Luthfi Bin Yahya

Lirik Arti
Allohumma sholli wasallim ‘alaa sayyidina wamaulanaa Muhammadin..
Allohumma sholli wasallim ‘alaa sayyidina wamaulanaa Muhammadin..
‘adada ma fi ‘ilmillaahi sholatan daimatan bidawami mulkillaahii…
sholatan daimatan bidawami mulkillaahii…

Lamun wong tuwo, lamun wong tuwo kliru ngimpine…
Alamat bakal, alamat bakal getun mburine…
Lamun wong tuwo, lamun wong tuwo kliru ngimpine…
Alamat bakal, alamat bakal getun mburine…
Wong tuwo loro kundur ing ngarso pengeran…
Anak putune rame-rame rebutan warisan… 2x

Wong tuwo loro ing njero kubur anyandhang susah…
Sebab mirsani putra putrine ora ibadah…
Wong tuwo loro ing njero kubur anyandhang susah…
Sebab mirsani putra putrine do pecah belah…
Kang den arep-arep yoiku turune rohmah…
Jebul kang teko, jebul kang teko nambahi fitnah… 2x

Iki dino ojo lali lungo ngaji, Takon marang kyai guru kang pinuji…
Iki dino ojo lali lungo ngaji, Takon marang kyai guru kang pinuji…
Enggal siro ora gampang kebujuk setan…
Insyaallah kito menang lan kebejan… 2x

Padhang bulan padhange koyo rino, rembulane sing awe-awe…
Padhang bulan padhange koyo rino, rembulane sing awe-awe…
Ngelengake ojo turu sore…
kene tak critani kanggo sebo mengko sore.. 2x
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:08 PM

Syi'ir Siksa Neraka Nikmat Surga

لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهْ.. هُوَ اللَّهْ خَالِقُ الْعِبَادْ..
 مِنَ الْعَدَامْ وَإِلىَ الْوُجُودْ.. ثُمَّ الْعَدَامْ بَعْدَ الْوُجُودْ

Lirik Arti
Utawi iki ngalam kabeh.., awit ngaras sa’pengisore
Tumeko bumi…, sa’pitu.., sa’wijine wenang ngadame
Aku biyen ora ono…, Saiki dadi ono..
Besok maneh ora ono podo bali maring rohmatullah

Luwih loro luwih susah rasane wong nang neroko
Klabang kures.., kolo jengking
Klabang geni .., ulo geni..
Rante geni .., godo geni.., cawisane wongkang duso
Gumampang dawuh pengeran..
Podo gumampang tinggal sembahyang..

Luwih eco.., luwih mulyo rasane wong nang suwargo
Widodari patang puluh loro.., kasur babut mendut-mendut
Kursi gading ranjang kencono.., klambu sutro ditretes inten
Cawisane wongkang bekti maring pengeran kang moho suci
Ono tangis kelayu-layu
Tangise wong kang wedi mati
Digedogono, disucenono
Wong mati mung sa’wetoro   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:56 PM

Syi'ir Pujian Jawa Adaptasi Lingsir Wengi

Lirik Arti
Dzikir wengi sepi-sepi eling dosa
Ra kroso luh ing mata pada mili
Wiridane mung tasbehan lan dzikiran
Ra ngiro yen biso madhangke ati

Banjur yen tak tliti aku dewe kang ngingkari
Ing nikmate cilik gedhe tobat-tobat sopo
Rino wengi sing tak puji among gusti
Janjine oleh ganjaran kang mesthi.
kanan
Nada: Lingsir Wengi
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:48 PM

Shalawat Eling Kubur

Lirik Arti
Alhamdulillah pemuji kito,
Rohmat lan salam ing Nabi kito,
Soho ahline kabeh shohabat,
Kang podo manut Nabi Muhammad,

Puniko syi'ir, isi pitutur,
Kang ngelingake ing alam kubur,
Puniko syi'ir, isis pitutur,
Sinten kang ngagem kawulo syukur.

Bapak lan ibu kabeh dulurku,
Sanak kerabat lan kadang-kadangku,
Zaman saiki parek kiyamat,
Monggo sedoyo kerso taubat,

Mumpung durung, ketekan pati,
Lamun teko tan keno semayani,
Mumpung durung, ketekan pati,
Lamun wus mati ora biso bali.

Urip ing donya piro suwene,
Den upamak-ke mung mampir ngombe,
Mulo dulurku monggo ngelingke,
Ing awak dewe lan keluargane,

Supoyo ojo, lali asale,
Biyen ra ono, banjur mengkene,
Supoyo ojo lali asale,
Bakale sowan ing Pengerane.

Pecating nyowo banget larane,
Kadyo den pedang kabeh badane,
Kaping telung atus ambalane,
mengkono iku mungguh rasane,

Mulo dulurku ojo nglalekke,
Persiapan ing saben dinane,
Mulodulurku ojo nglalekke,
Siap-siap den cabut nyawane.

Lamun wus teko siro ing pati,
Nuli den dusi lan den ulesi,
Poro sedulur podo nyolati,
Sarto donga kanti mrebes mili,

Mergo ngelingi bakale mati,
Koyo kang nembe siro lakoni,
Mergo ngelingi, bakale mati,
Sowan ing Allah kang Moho Suci,

Tumuli jasad iro den gowo,
Maring kuburan numpak -e krendo,
Poro sedulur podo ngireng-ke,
Tumeko siro den sarek-ake,

Ono kuburan, amal koncone,
Olo lan becik, wektu uripe,
Ono kuburan, amal koncone,
Olo lan becik, den adepake.

Siro den tablek, lemah lan watu,
Ono dulurmu tancepi kayu,
Tancepan iku kanggo nengeri,
Menowo dulur arep ngeteri,

Wacanan Qur-an, Sholawat lan donga,
Supoyo siro oleh ngapuro,
Wacanan Qur-an, Sholawat lang donga,
Supoyo padang ing qubur iro.

Wong ahli becik, nikmat kubure,
Wong kang duroko banget susahe,
Mengkono iku sabab amale,
Podo nampani, opo nyatane,

Mulo dulurku, monggo ngakehke,
Amal kanggo sangu matine,
Mulo dulurku, monggo ngakehke,
Amal kang kanggo ing akhirote.

Amal kang becik ditindak-ake,
Sunat den tambah bakda wajibe,
Larangan-larangan den adohi,
Dosa-dosa kudu den tobati,

Kanti dedonga, nyueun pitulung,
Adang-adang ing rahmat kang agung,
Kanti dedonga, nyuwun pitulung,
Ing Allah kuasa kang Moho Agung,

Lamun wus teko, dino qiyamat,
Poro manungso den tangek-ake,
Perlu den dangu sarto den landrat,
Kabeh amale ono donyone,

Amal kang becik di tikelake,
Amal duroko kadar lakune,
Amal kang becik, ditikelake,
Rahmate Allah ing kawulane,

Mlebu suwargo telu carane,
Tanpo den hisab kabeh amale,
Kanti den hisab oleh ngapuro,
Kanti den hisab lan mampir neroko,

Kabeh wong islam, mlebu suwargo,
Panggonan nikmat ingkang den sejo,
Kabeh wong islam mlebu suwargo,
Panggonan nikmat sruwa sruwi lego,

Nikmating nikmat manggon suwargo,
Ati kumrenteg tumuli ono,
Panggonan indah sekabehane,
Panggonan padang wangi gandane,

Ahli suwargo banget mulyane,
Kumpul jeng Nabi lan Shohabate,
Ahli suwargo banget mulyane,
Manggon ing kono sak lawas lawase.

Allohu Robbi kang Moho Mulyo,
Mugi maringi dateng kawulo,
Soho Ahli lan poro konco,
Sedulur Islam kito sedoyo,

Mlebu suwargo, tanpo rekoso,
Hisabe enteng oleh ngapuro,
Mlebu suwargo, tanpo rekoso,
Syukur ing Allah kang Moho Lomo,

Allohu Robbi mugi ngabulno,
Ing panyuwunan kito sedoyo,
Mugi maringi bagus ing donya,
Lan akhirate sarto rinekso,

Asaking sikso lan panase neroko
Amina amin ya Alah amin.
Saking sikso lan panase neroko,
Amin Ya Allah Ya Robbal 'Alamin.
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:40 PM

Esuk-Esuk Uthuk-Uthuk: Syi'ir Jawa Menjelang Subuh

لا إلـــــــــه إلا الله # لا إلـــــــــه إلا الله
 لا إلـــــــــه إلا الله # محمدٌ رسولُ الله

Lirik bahasa Jawa Lirik bahasa Indonesia
Esuk-esuk uthuk-uthuk
Gununge katon ngregunuk
Genduk ojo ngantuk
Kae adzane wis nyeluk

Sisih wetan bang nerawang
Ojo padha ongkang-ongkang
Kakang menyang mblumbang
Sesuci nuli sembahyang

Sholat iku penggawe mulyo
Laku gampang ora rekoso
Lan ngilangake laku kang nistha
Mumpung isih pada ana ndonya

Tindake Nabi wajib den turut
Nyembah Allah kelawan sujud
Lan nindakake laku kang becik
Ngedohi laku ala lan musyrik
Dini hari bedug terdengar
Sosok gunung masih samar
Itu adzan berkumandang
Ayo Mbak pergi sembahyang

Di arah timur langit merona
Aduh jangan berleha-leha
Ayo Mas pergi ke sendang
Berwudlu lalu sembahyang

Shalat itu ibadah mulia
Amal yang mudah sederhana
Untuk hilangkan segala dosa
Selagi masih di dunia

Sunnah nabi kita amalkan
Bersujud pada Allah kita jalankan
Amal yang benar kita lakukan
Menjauhi  musyrik dan keburukan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:16 PM

Syi'ir Wayah Surup: Muhasabah Menjelang Petang

Lirik Arti
WAYAH SURUP

Wayah surup srengenge
Mangsane wong leren nyambut gawe
Ngibadah maghrib ojo dilaleake
Manembah marang Gusti kang Nitahake

Pamrih pinayungan ing Pangerane
Lumintu sandang panganre
Ayem tentrem sakluwargane
Bejo mulyo sak anak bojone

Ewodene isih ono manungso kang suwung imane
Katitik ngibadah dilirwaake
Ketunggkul ngumbar hawa nefsune
Mbanting kertu mungsuh moro tuwane

Ono maneh wong lanang nggandengan karo wong wadhon
Kamongko dudu bojone
Sak wayah wayah liwat dalan gedhe
Ora isin karo kanca-kancane
Ora pekiwuh karo kiwo tengene

E..E..e .mugo-mugo enggal diparingi eling marang Gusti kang nitahake...
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:00 PM