اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ
Lirik | Arti |
Iki dina malem tanggal siji sura Makempal kita sesarengan sakluarga Sareng-sareng amrih padhos ilmu agama Kangge sangu bekal kita mlebet suwarga Dulur kula jaler istri enom lan tuwa Kita gesang ing dunya sakwetara Amrih sae tansah rukun marang tangga Uga tansah sae marang sakpadha-padha Langkung sae gesang tansah guyub bebrayan Lan gotong royong sedaya pendamelan Aja da ureg,aja da ureg lan padu sulayan Banget sarune,banget sarune yen mireng liyan Luwih becik,luwih becik da tepaslira Ingkang sepuh,ingkang sepuh sugih ngapura Ingkang enem rumangsa dugakira Siji-sijine,siji-sijine ja gawe lara Beja-bejane,beja-bejane sing padha eling Sing rabeja,sing rabeja sing padha mbeling Dzat kang gawe,Dzat kang gawe langit lan bumi Iku bakale,iku bakale ingkang ngukumi |
kanan |
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 6:32 PM
0 komentar:
Post a Comment