Labels

Home » » Allahumaghfirli: Mohon Ampunan bagi Diri dan Kedua Orangtua

Allahumaghfirli: Mohon Ampunan bagi Diri dan Kedua Orangtua

أَللَّهُـمَّ اغْفِرْ لِيْ ذُنُوْبِيْ وَلِوَالِديَّ وَارْ حَمْهُمَا
وَارْ حَمْهُمَا كَمَا رَبَيَانِيْ صَغِيْرَا 

Ya Alloh kulo nyuwun ngapuro Sekathahe duso kulo… 
Lan dosane bapak ibu kulo Ugi umat islam sedoyo 2x

Lirik Arti
Allahummaghfir lii wa liwaalidayya
warhamhumma kamaa rabbayaanii shaghiiraa

Duh Alloh Kang Mulya mugi ngapuntena
sedaya kalepatan dosa dosa kula
Duh Alloh Kang Mulya mugi ngapuntena
sedaya kalepatan ibu lan rama

Duh Gusti Alloh kula nyuwun
Dadosa putra kang ahli bekti
Rama Lan ibu ingkang ngrumati
Ndidik lan mimpin kanti setiti

Aduh senenge wong tuwa loro
duweni anak-anak kang sholeh
Aduh susahe wong tuwa loro
duweni anak ugal-ugalan

Wong tuwa loro anyandang susah
sebab putrane ora ngibadah
Diarep-arep marang putrawayah
yoiku berkah lan gelem ngibadah...

Duh Gusti Alloh Kang maha Agung
Mugi kepareng kula nyuwun
Mugi ndadosna umat kang untung
Ndunya akhirat angsal pitulung

Bejo-bejone sing padha eling
Sing rabejo sing padha mbeling
Dzat Kang gawe langit lang bumi
Iku bakale ingkang ngukumi..   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 6:42 PM
Comments
3 Comments

3 komentar:

  1. Alhamdulillah ternyata pujian-pujian ini msh ada. Kangen rasanya ketika dulu waktu kecil sembari menunggu iqomah, kami anak-anak kecil melantunkan pujian-pujian seperti d atas.

    Sekarang rasanya seperti ingin menangis setelah menghayati petikan demi petikan kata.

    "Ya Alloh kulo nyuwun ngapuro, sekathahe duso kulo, landosane tiang sepah kulo, ugi umat islam sedoyo"

    Sekarang sudah hampir 10 tahun tidak lagi terdengar pujian ini di musholla dekat rumah... :(

    ReplyDelete
  2. Alkhamdulullah di sidoarjo pagerwojo masih ada terus puji2an ini

    ReplyDelete