Labels

Home » » Syi'ir Kubur

Syi'ir Kubur

Lirik Arti
Alhamdulillah pemuji kito
Rahmat lan salam ing Nabi kito
Soho ahline poro sohabat
Kang podo manut Nabi Muhammad
Puniko syiir isi pitutur
Sinten kang ngagem kawulo syukur …2x

Bapak lan ibu kabeh dulurku
Podo elingo ing pangeranmu
Kanthi netepi agomo islam
Tindak kang olo kapok kang tenan
Tindak kang becik podho di udi
Perlu ginawe sanguine mati…2x

Sanguine mati iku ngamalmu
Dudu tumpukan bondo dunyamu
Najan naliko golek’e bondo
Hinggo ngrewangi ngorbanke jiwo
Numpuke bondo ora netepi
Coro agomo bakal nglaknati…2x

Bapak lan ibu podo elingo
Arep matimu nglakoni opo
During matimu iku sekarat
Banget larane tan biso sambat
Akeh dulurmu podo nunggoni
Kiwo tengenmu do mbrebes mili…2x

Lamun wus terang yen mati siro
Banjur do bingung nangisi siro
Siro dikrukupi terus di dusi
Banjor dibuntel putihan mori
Akeh dulurmu kang podo teko
Perlu ngormati budalan iro…2x

Tekan kuburan siro dibopong
Dilebokake papan kang growing
Sak wise rampung dulurmu bali
Perlu nuruti senenge ati
Ono kuburan siro mung tompo
Tompo ganjaran utowo sikso…2x

Anak bojomu kang ono ngomah
Podo rebutan bondo lan omah
Lamun ono kang ora trimo
Dadi urusan dadi suloyo
Ngrewangi ragat watone menang
Najan akhire ora keduman…2x    
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 6:47 PM

0 komentar:

Post a Comment