Labels

Home » » Maknani Tombo Ati

Maknani Tombo Ati

Tombo ati wonten 5 perkara:
  1. Maos kitab suci sak maknanipun
    Menawi diudari Maos : nggadahi maksud wonten tiga, inggih menika: 1. maos, 2. maos, lan 3. maos.
    Maos kaping setunggal nggadahi maksud manungsa menika nggadahi rasa dening ingkang Kuaos, inggih rasa ingkang wonten pribadi manungsa piyambak.
    Maos kaping kalih nggadahi maksud manungsa urip wonten alam donya mbonten piyambak ananging wonten sanak kadang, sedulur tebih lan sedulur raket (sedulur tuwo lan sedulur enom). Sedoyo menika kedahipun manungsa saged rumangsa lan ngrumangsani.
    Maos kaping tiga nggadahi maksud jangkebipun manungsa saged ngrasakake. Dene tembung ngrasakake nemahi maksud sampun ngertos piwulangan rasa lan rumangsa. Dados nglampahi urip dening alam donya saged ngatos-atos lan gadhah dasar utawi pondasi ingkang teteg.
    Kitab suci menika ajaran, tuntunan, tatanan, pedoman ingkang sae kangge bekal lan arah manungsa urip dateng alam donya ingkang kathah coba. Dados tembung rasa, rumangsa lan ngrasakake kedhahipun manunggal boten saged pisah-pisah.
    Tembung sak maknanipun ateges nglampahi lakon dateng alam donya ingkang kebak gebyaring pepinginan boten cekap ngertos piwulang (teori) mawon, ananging kedhah ngertos napa ingkang badhe dilakoni kanthi sabar lan ihklas. Sedoyo menika ngangge pondasi lan saka guru urip Eling, Sabar, Awas.

  2. Sholat utawi sembahyang wengi dilakoni
    Sholat utawi sembayang menika sarana tetiang komunikasi kalian Maha Kuaos. Dateng nginggil kasebut tembung wengi ateges wayah ndalu menika suasana sepi, ening, tetiang sami leren lan kathah ingkang sare. Wayah menika becik kangge ening pikir lan ening bathin tumuju dateng panyuwunan kalian Maha Kuaos. Sedoyo menika saged kalaksanan kedhahipun saged nyegah 7 perkara:
    • Sampun caroba kedah taberi sesuci
    • Sampun nguja dhahar
    • Ngembang unjukan
    • Kedah anyegah sare
    • Sampun receh ing wicara
    • Nyegah syahwat marang tiang wadon
    • Ojo bungah yen kabejan lan ojo susah yen kenasipan

  3. Wong kang sholeh dikumpuli
    Sholeh nggadahi teges liyanipun Iso Semeleh. Yen tiang semeleh saged nglenggahne jadi diri piyambak lan saged nglenggahne tiang liyanipun. Amargi sedoyo wicara lan lelakon tumprapipun urip dateng alam donya saged dados tuladha ingkang becik marang liyan. Tetiang menika saged ngudari rasa sejatinipun urip kangge adeg-adeg nglampahi lakon dateng jagad angen-angen.

    Weteng kudu wani luwe
  4. Tembung menika saged nggadahi maksud yaiku pasa (siam). Sejatinipun pasa (siam) ateges ngendalekake napsu 4 (papat) perkara lan nutupi babagan hawa 9 (sanga). Tiang ingkang saestu nglampahi pasa (siam) kedhah laku trima lan ngilangi kasenengan/srei dengki marang liyan

  5. Dzikir wengi ingkang suwe
    Tegesipun muja – muji dateng Maha Kuaos lan wayahipun ningali jadi diri piyambak sarana pangilon lakon ingkang sampun kalampahaken dateng wingking. Sedoyo menika saged ketingal ngangge sarana tapa. Dening tapanipun anggota badan yaiku :
    • Tapanipun mripat : nyegah sare lan kemilikan
    • Tapanipun kuping : nyegah suwara ala
    • Tapanipun irung : ojo ngambet barang liyan
    • Tapanipun cangkem : ngirangi dhahar lan ojo ngrasani liyan
    • Tapanipun purusa : ojo laku bandrek
    • Tapanipun tangan : ojo nyolong lan mendhet barang liyan
    • Tapanipun sikil : ojo laku kang ala lan mlampah tumuju panggenan ingkang becik
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 11:06 PM

0 komentar:

Post a Comment