Lirik | Arti |
Para sedulur mangertenono Yen ing alam kubur bakal ono Ono pitakon enem perkoro Kudu biso anjawab siro Kaping sepisan pitakonane Gusti Pangeranmu iku sopo Nuli njawabo kelawan cetho Yen Gusti Alloh Pangeran kulo Kang kaping pindho pitakonane Sopo iku kanjeng nabi niro Enggal njawabo kelawan cetho Yen nabi Muhammad nabi kulo Kaping telune pitakonane Yo opo iku agomo niro Njawabane ora ono liyo Yoiku islam agomo kulo Kang kaping papat pitakonane Kiblat iro yoiku opo Ka’batulloh iku kiblat kulo Koyo mengkono njawabo siro Kaping limone pitakonane Yo opo iku panutan iro Kitab Al-Quran njawabo siro Yo iku kitab panuntun kulo Kang kaping enem pitakonane Yo sopo iku sedulur iro Kaum kuslimin ugo muslimat Yoiku kabeh sedulur kulo |
kanan |
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:18 PM
0 komentar:
Post a Comment