Labels

Home » » Shalawat Panyuwunan

Shalawat Panyuwunan

Lirik Arti
Allohumma sholi wa salim ‘ala
Sayidina wa maulana muhammadin
‘adadama bi ismillahi sholatan
Daimatan bhida wami mulkilahi

Kanjeng nabi muhammad iku manungso
Nanging ora koyo lumrahe manungso
Balik kanjeng nabi iku koyo inten
Kumpul karo jenis watu dudu inten

Aduh gusti kulo mboten ahli suwargo
Nanging kulo mboten kiat manggen neroko
Aduh gusti mugi nrimo taubat kulo
Duso kulo mboten kiat kulo beto

Ya alloh gusti kang paring pangapuro
Duso kulo soyo tambah saben dino
Duso kulo kados wedi ing segoro
Duso kulo mboten kiat kulo songgo

Ya alloh gusti dzat moho kuoso
Kito nyuwun ana dunyo tansah mulyo
Duh gusti alloh kang paring pangapuro
Kito nyuwun tinebihno saking sikso    

Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 6:25 PM

0 komentar:

Post a Comment