Labels

Home » » Rugi Nang Alam Donya

Rugi Nang Alam Donya

اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
 عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ


Lirik Arti
Werna lima wong rugi nang alam ndunya
Kanjeng Nabi sampun dawuh marang kita
Kang sepisan wong kang ngremehake ulama'
Agama rugi ora ngerti hukum syara'

Kaping pindo wong kang ngremeake umaro'
Bakale rugi uripe kepentok-pentok
Kaping telu wong kang ngremeahke tonggone
Bakale rugi ora oleh pitulungane

Kaping papat wong kang ngremeake kluargane
Bakale rugi ora oleh welas asihe
Kaping lima Wwong kang ngremeake bojone
Rejeki mampet,pikiran sumpek peteng ndedet...  
kanan
Nada: Lagu Padang Bulan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 6:30 PM

0 komentar:

Post a Comment