Labels

Home » , » Sya'ir Jawa Eman Khas 'Ahbaabul Musthofa'

Sya'ir Jawa Eman Khas 'Ahbaabul Musthofa'

Lirik Arti
Sholli wasallim daa iman 'alah mada-
Sholli wasallim daa iman 'alah mada-
Wal ali wal ashaabi man qod wah hada-
Wal ali wal ashaabi man qod wah hada

Eman lo wong Islam, ninggal Sholat wengi
Sak ben dalu turu, ora gelem tangi
Sholat wengi ngono, disenengi Gusti
Sopo gelem nyuwun, pasti di paringi

Sholat limang waktu, ayo podo njogo
Jama'ah nang masjid, bareng sak kluwargo
Ganjarane slawe, celengan suwargo
Malah biso dadi, pitu likur ugo

Yen Sholat kesusu, ora biso pernah
Rukuk lan sujude, ditoto sing genah
Sing khusyu' lan khudhur, ugo tumakninah
Ngerteni sing wajib, lan ngerti sing sunah

Yen rumongso sugih, itungen donyone
Bagiane Zakat, ojo dilalekne
Dulur karo tonggo, sing podo miskine
kabeh podo nunggu, zakat bagiane

Yen karo tonggone, Sing apik atine
Yen kahanan longgar, mikiro butuhe
Sajak perlu utang, enggal di peringne
Nanging ojo nganti, njaluk anak ane

Yen kahanan longgar, mikiro tonggone
Mikir ing butuhe, sing kanggo blanjane
Sajak perlu utang, enggal di peringne
Nanging ojo nganti, njaluk anak ane

Ayo do ngurangi, nonton televisi
Timbang nonton TV, luweh becik ngaji
"Ahbaabul Musthofa" wadah kanggo ngaji
Kumpul poro Habaib lan poro Kyai

Ayo bareng bareng mangkat pengajian
Kanti ati seneng arep Sholawatan
'Ahbaabul Musthofa' ngadakke rombongan
Colt brondol di Sewo urun mangewunan

Eman lo wong ngaji, campur lanang wadon
Campur lanang wadon, lamun dudu mahrom
Biso biso malah, nglakoni sing harom
Ilmu gak manfa'at, rusak malah klakon

Lanang karo wadon podo keluyuran
Pamit ning wong tuwo jare pengajian
Ing nyatane malah do pacar pacaran
budal soko ngaji do bonceng boncengan

Lanang karo wadon, manggon sepi sepi
Nyanding senggal senggol koyok kebo sapi
Ngunu kuwi duso, nurut poro nabi
Ojo di terusno, yen durung di rabi

Klambine you can see, utowo press bodi
Mbuka aurote, ora duwe wedi
Ngono kuwi podho, karo mbuka wadi
Bakal nrimo sikso, besuk yen wis mati

Akeh bocah podho, matur Tahlilan bid'ah
Akeh bocah podho, matur Yasinan bid'ah
Uwong Tuwo ora jawab sebabe susah
Durung durung anak iki kok ora genah

Akeh mantu podho, matur Sholawatan dosa
Akeh mantu podho, matur wiridan dosa
Morotuwo ora jawab sebabe kroso
Durung durung mantu, iki ternyata loro   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:03 PM

0 komentar:

Post a Comment