Lirik | Arti |
Astaghfirullah robbal barooya astaghfirulloh minal khotooya 2x urip aneng ndonya ora salamine, den paribasakna amung mampir ngombe 2x mula aja lali salat den tindakna, dzikir tahlil wirid nambahi sampura Astaghfirullah robbal barooya, astaghfirulloh minal khotooya 2x wajibe sang bapa marang garwa putra, aweh panuntun sajroning bebrayan 2x Wiwit cilik mula padha dikenalna, maca alfatikhah nganti katam Quran Astaghfirullah robbal barooya astaghfirullah minal khotooya 2x Quran iku mono kalame Ilahi, yen kawaos bisa dadi tamba ati 2 x tebih saking rasa serik srei drengki, pinaringan tentrem Allohumma Amin Astaghfirulloh robbal barooya astaghfirulloh minal khotooya2x |
kanan |
Lirik | Arti |
WONG TUWO "Abot-abote dadi wong tuwo duwe anak-anak duroko wiwit cilik di gadang mulyo mbasan gedhe ngisin-isinke wong tuwo bocah-bocah jaman saiki ganteng ayu gak gelem ngaji seneng ngluyur awan lan bengi yen pacaran nomer siji mulo dulurku sedoyo jaler estri enom lan tuwo monggo-monggo sami waspodo yen anak lungo ojo dijarno luwih becik podo telaten didik putro kudu sing open budi pekerti ojo kelalen besok tuwo bakale panen..." |
kanan |
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:15 PM
0 komentar:
Post a Comment