Labels

Home » » Syi'ir Satu Sura (Tahun Baru Hijriyah)

Syi'ir Satu Sura (Tahun Baru Hijriyah)

اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ
عَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ

Lirik Arti
Iki dina malem tanggal siji sura
Makempal kita sesarengan sakluarga
Sareng-sareng amrih padhos ilmu agama
Kangge sangu bekal kita mlebet suwarga

Dulur kula jaler istri enom lan tuwa
Kita gesang ing dunya sakwetara
Amrih sae tansah rukun marang tangga
Uga tansah sae marang sakpadha-padha

Langkung sae gesang tansah guyub bebrayan
Lan gotong royong sedaya pendamelan
Aja da ureg,aja da ureg lan padu sulayan
Banget sarune,banget sarune yen mireng liyan

Luwih becik,luwih becik da tepaslira
Ingkang sepuh,ingkang sepuh sugih ngapura
Ingkang enem rumangsa dugakira
Siji-sijine,siji-sijine ja gawe lara

Beja-bejane,beja-bejane sing padha eling
Sing rabeja,sing rabeja sing padha mbeling
Dzat kang gawe,Dzat kang gawe langit lan bumi
Iku bakale,iku bakale ingkang ngukumi
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 6:32 PM

0 komentar:

Post a Comment