Labels

Home » , , » Husnul Khatimah: Akhir yang Baik

Husnul Khatimah: Akhir yang Baik

Lirik Arti
“Astaghfirullah Robbal barroya
Astaghfirullah minal khathaya”

Ayo sedulur sing sregep ngaji
Ngaji iku sangune mati
Wong mati iku banget larane
Sebab nyawane pecat sangka badane

“Astaghfirullah Robbal barroya
Astaghfirullah minal khathaya”

Wong urip iku mung sesaat
Mula dulurku enggala taubat
Marang sekabehane laku maksiyat
Mumpung durung teka wektune wafat

“Astaghfirullah Robbal barroya
Astaghfirullah minal khathaya”

Bakal untung wong kang gelem sholat
Lan ngakeh-akehne maca sholawat
Sholawat marang nabi Muhammad
Sebab ngajeng-ajeng angsal syafaat

“Astaghfirullah Robbal barroya
Astaghfirullah minal khathaya”

Ya Alloh Gusti kula nyuwun
Pinaringan gesang istiqomah
Ya Alloh Gusti kula nyuwun
Menawi pejah saget khusnul khotimah

“Aamiin ya Alloh aamiin ya Alloh
Aamiin ya Alloh aamiin ya Alloh”

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Pinaringan rizki barokah
Kangge shodaqoh amal jariyah
Kangge ziarah medinah mekah

“Aamiin ya Alloh aamiin ya Alloh
Aamiin ya Alloh aamiin ya Alloh”

Ya Alloh Gusti kita nyuwun
Slamet ndunya slamet akhirat
Klebet umat nabi Muhammad
Angsal syafaat rohmat lan nikmat

“Aamiin ya Alloh aamiin ya Alloh
Aamiin ya Alloh aamiin ya Alloh”  
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 7:57 PM

0 komentar:

Post a Comment