Labels

Home » , » Mampir Ngombe: Mampir Minum

Mampir Ngombe: Mampir Minum

Lirik Arti
Laa illaaha illallah laa illaaha illallah
Laa illaaha illallah Muhammadurasulullah

Urip pisan nang alam ndunya
Ibarate mung mampir ngombe
Kudu eling ing pungkasane
Ben ra getun tembe mburine

Titi wancine bakal teko
Sira ora kena semoyo
Diklambeni kain sing putih
Yen wus mangkat ora bisa mulih

Ditumpake kereta jawa
Roda papat rupa menungsa
Dileboke omah guwa
Tanpo bantal tanpo kelasa

Ditutupi anjang-anjang
Dirukoke disiram kembang
Swara tangis kaya tembang
Mertandhake imane kurang
kanan

Ora ana sing di gowo, morine wae kadang shodaqohe tonggo....
Apamaneh bondha dunya, garwa putra yo ditinggalna.
Kang den asta amal kang ana....muga kita kagolongna umat kang beja,
Mulya ndunya, akhirat mlebu suwarga.
Lirik Arti
Sopo wonge wani ninggalake solat
Titenono yen siro lagi sekarat
Lara banget nganti ora biso sambat
Ditekani pirang – pirang malaikat

Sa’ wuse mati di.. kubur ditinggal lungo
Ditekani malaikat ingkang loro
Malaikat teko ngowo instrumen sikso
Mulo ngati – ati urip ning lingkungan ndunyo
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 7:56 PM

0 komentar:

Post a Comment