Labels

Home » , » Nutup Aurat

Nutup Aurat

Lirik Arti
NUTUP AUROT

صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللَّهْ
صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ يَس حَبِيْبِ اللَّهْ

Shohabat ‘Ali dawuh mengkene
Rikala sowan karo garwane
Ing kanjeng nabi gustine umat
Nuju njeng nabi nangis kang kuwat

Nuli amatur ‘Ali shohabat
... Punapa Dalem kok nangis kiyat
Nuli njeng nabi dawuh mengkene
Rikala ingsun mlaku mbengine(mi’roj)

Iku ingsun weruh marang siksane
Wong wadhon iku akeh wernane
Mulane banget penangis ingsun
Sabab welasku marang wong wadhon

Ono wong wadhon iku den gantung
Klawan rambute ingkang den gelung
Sarto utegke katingalake
Podolah umeb sekabehane

Iku wong wadhon kelakuane
Naliko sanding lanang liyane(dudu muhrim)
Iku rambute ora den tutup
Mulo siksane utegke umub

Mulo wong wadhon lah saikine
Podolah taubat kang saktemene
Podolah nutup ing aurate
Ben podo slamet ing akhirate
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 7:59 PM

0 komentar:

Post a Comment