Labels

Home » » Wasiate Wong Tuwa: Wasiat Para Orang Tua

Wasiate Wong Tuwa: Wasiat Para Orang Tua

Lirik Arti
Sholaatullahi ma lahat kawakib
Alaa ahmad khoiri man rokiba najaib.

2-Iki syiir kanggo bocah lanang wadon
Nebihaken tingkah laku ingkang awon

3-Sarto nerangake budi kang prayogo
Kanggo dalan podho mlebu ing suwargo

4-Bocah iku wiwit umur pitung tahun
Kudu ajar toto keben ora getun

5-Kudu tresno ring ibune kang ngrumati
Awit cilik marang bopo sing gemati

6-Ibu bopo rewangono lamun repot
Ojo koyo wong gemagus ingkang wangkot

7-Lamun ibu bopo prentah inggal tandang
Ojo bantah ojo sengul ojo mampang

8-Andhab asor ing wong tuwo najan liyo
Tetepono ojo koyo rojokoyo

9-Gunem alus alon lirih ingkang terang
Ojo kasar ojo misuh koyo bujang

10-Yen wong tuwo lenggah ngisor siro ojo
Pisan lungguh duwur koyo jamak jujo

11-Yen wong tuwo sare ojo geger guyon
Lamun siro nuju moco ingkang alon

12-Lamun siro liwat ing ngarepe
Kudu nyuwun amit sarto depe depe

13-Lamun ibu bopo duko becik meneng
Ojo melu padu ugo ojo nggreneng

Bab Ambagi Wektu

14-Dadi bocah kudu ajar bagi Zaman
Ojo pijer dolan nganti lali mangan

15-Len wayahe sholat ojo nunggu prentah
Inggal tandang cekat ceket ojo wegah

16-Wayah ngaji wayah sekolah sinau
Kabeh mau gathekake klawan tuhu

17-Kenthong subuh inggal tangi nuli adus
Wudhu nuli sholat khusyuk ingkang bagus

18-Rampung sholat tandang gawe opo bae
Kang prayoga koyo nyaponi omahe

19-Lamun ora iyo moco moco Qur’an
Najan namung sitik dadio wiridan

20-Budal ngaji awan bengi podho wae
Toto kromo lan adabe podo bae

Bab Ing pamulangan

21-Lamun arep budal menyang pamulangan
Toto toto ingkang rajin kang resikan

22-Nuli pamit ibu bopo kanthi salam
Jawab ibu bopo alaikum salam

23-Disangoni akeh tithik kudu trimo
Supoyo ing tembe dadi wong utomo

24-Ono pamulangan kudu tansah gathi
Nompo ilmu pamulangan ilmu kang wigati

25-Ono kelas ojo ngantuk ojo guyon
Wayah ngaso keno ojo nemen guyon

26-Karo konco ojo bengis ojo judas
Mundak diwadani konco ora waras

Mulih saking Pamulangan

27-Bubar saking pamulang inggal mulih
Ojo mumpar mampir dolan selak ngelih

28-Tekan ngomah nuli salin sandangane
Kudu pernah rajin rapi aturane

Ono ing ngomah

28-Karo dulur konco ingkang rukun bagus
Ojo koyo kucing belang rebut tikus

29-Dadi tuwo kudu weruh ing sepuhe
Dadi enom kudu rumongso bocahe

30-Lamun bopo alim pangkat sugih joyo
Ojo siro kumalungkung ing wong liyo

31-Pangkat gampang minggat sugih gampang mulih
Alam iku gampang owah molah malih

32-Arikolo siro madhep ing wong liyo
Kudu ajer ojo mrengut koyo boyo

Karo Guru

33-Marang guru kudu tuhu lan ngabekti
Sekabehe printah bagus dituruti

34-Piwulange ngertenono kanthi ngudi
Nasihate tetepono ingkang merdi

35-Larangane tebihono kanthi yekti
Supoyo ing tembe sira dadi mukti

Ono Tamu

36-Tatkalane ibu bopo tompo tamu
Ojo biyayakan tingkah polahamu.

37-Ojo nyuwun duwit wedhang lan panganan
Rewel beko koyo ora tau mangan

38-Lamun banget butuh kudu sabar dhisik
Nganti tamu mundur dadi siro becik

39-Arikolo podho ubaran tamune
Ojo nuli rerebutan turahane

40-Koyo keting rerebutan najis tibo
Gawe malu lamun deleng wong jobo

41-Kejobo yen bopo dhawuh he anakku
Iku turahe wong ngalim kiyai-ku

42-Bagi sakdulurmu keben kabeh
Ketularan Alim, sugih bondho akeh

43-Niat iro nuprih berkahe wong mulyo
Ora niat rebut turahe wong liyo

Sikap lan lagak

44-Anak islam iku mongso kudu awas.
Ojo nganthi leno mangko mundak tiwas

45-Luru ngelmu iku perlu nanging budi
Adab islam kudu tansah dipersudi

46-Akeh bocah pinter nanging ora bagus
Budhi pekertine sebab do gembagus

47-Ring wong tuwo gak ngerteni gak ngajeni
Sajak pinter dewe longko kang madhani

48-Jare iku caranipun sak puniko
Ora ngono dudu intelek merdeko

49-Ngagem blangkon serban sarung dadi gujeng
Jare ora kebangsaan ingkang majeng

50-Sawang iku pengeran Diponegoro
Imam bonjol Teuku Umar kang kuncoro

51-Kabeh podho belo bongso lang negoro
Podho ngagem destar pantes yen perwiro

52-Nggujeng serban sasat nggujeng Imam bonjol
Sak kancane he anakku ojo tolol

53-Timbang gundhul opo ora luwih bagus
Ngagem tutup sirah koyo raden bagus

54-Kolo-kolo pamer rambut sak karepmu
Nanging kudu eling papan sesrawungmu

55-kumpul mudho bedo karo pul Kyai-ne
Nuju sholat gak podho mlancong nujune

56-Ora nuli mlancong gudhul sholat gundhul
Sowan moro tuwo gundhul nguyuh gundhul

Cita-cita luhur.

57-Anak Islam kudu cita-cita luhur
Keben ndonya akherate biso makmur

58-Cukup ngelmu ngumume lan agamane
Cukup donya kanthi bekti pangerane

59-Biso mimpin sakdulure lan bangsane
Tumuju ring raharjo lan kamulyane

60-Iku kabeh ora gampang laksanane
Lamun ora kawit cilik ta-citane

61-Cita-cita kudu dikanthi gumregut
Ngudhi ngelmu sarto pakerti kang patut

62-Kito iki bakal tininggal wong tuwo
Ora keno ora kito mesthi nuwo.

63-Lamun kito podho ketekan sejane
Ora liwat siro kabeh pemimpine

64-Negaramu butuh menteri butuh mufti
Butuh kadi, patih, setten lan bupati

65-Butuh dokter, butuh Mister ingkang pinter
Ngelmu agama kang nuntun laku bener

66-Butuh guru lan Kyai kang linangkung
Melu ngatur negarane ora ketung

67-Iku kabeh sopo maneh kang ngayai
Lamun ora anak kito kang nyaguhi

68-Kejobo yen siro kabeh ridho mbuntut
Selawase angon wedhus nyekel pecut

69-Siro ridho gocek cikar selamine
Kapir iro mentul-mentul lungguhane.

70-Ora nyelo angon wedhus numpak cikar
Asal cita-cita ngelmu iso nenggar.

71-Nabi kito kolo timur pangon mendho
Ing tembene pangon jalmo kang sembodo

72-Abu bakar sidik iku bakul masar
Nanging noto masyarakat ora sasar

73-Ali abu tolib bakul kayu bakar
Nanging tangkas yen dadi paglima besar

74-Wahid Hasyim santri pondok gak sekolah
Dadi mentri karo liyane gak kalah

75-Kabeh mau gumantung ing sejo luhur
Kanthi ngudi ngelmu sarto laku jujur

77-Tekan kene pungkasane Syi’ir iki
Larikane wolu limo kurang siji

78-Mugo-mugo sejo kitho sinembadan
Dening Allah ingkang nurunake udan

79-Pinaringan taufiq sarto hidayah
Donya akhirate sehat lan ngafiyah

80-Amin-amin-amin-amin-amin-amin
Falhamdu lil-ilaahi robil alamiin   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 6:51 PM

0 komentar:

Post a Comment