Kontributor

Labels

Lagu Bocah Ngaji Sedheku

Tembang Jawa Lagu Indonesia
Siji loro telu
Astane sedheku
Mirengake Pak Guru
Menawa didangu

Papat nuli lima
Lenggahe sing tata
Aja padha sembrana
Mundak ora bisa

Lima nuli enem
Lungguhe sing anteng
Aja padha gemrengseng
Mundak ora mireng

Bocah cilik-cilik
Jejer tharik-tharik
Sandangane resik
tumindhake becik

Islam agamaku
Allah pangeranku
Muhammad nabiku
Al-Quran kitabku

aku bisa nulis
arab jowo wasis
ngaji iyo uwis
nanging durung titis
Empat lima enam
Simak dengan diam
Duduk dan mendengarkan
Semua pelajaran

Tujuh dan delapan
Sikapnya yang sopan
Jangan sembarangan
Bisa ketinggalan

Sembilan sepuluh
Hendaknya yang patuh
Jangan acuh tak acuh
Apalagi gaduh

Anak pandai ngaji
Pakaiannya suci
Patuh pada Yai
Itulah anak santri

Islam agamaku
Allah-lah Tuhanku
Muhammad nabiku
Al-Quran kitabku

Aku pandai baca
Arab juga bisa
Ngaji aku paham
Walau belum khatam

Silakan diunduh nadanya di: Bocah Ngaji Sedheku
Keterangan: Cara melantunkan, lagu bahasa Jawa dan bahasa Indonesianya diselang-seling bergantian
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 12:07 AM

Syi'ir Jawa Eling Pati: Ingat Maut

Lirik Jawa Lirik Indonesia
Sedulur padha elinga
Sira urip ana ngalam dunya
Temenana anggonmu ngaji
Mumpung durung ketekan pati

Elingana lamun wis mati
Wis wancine ra kena selaki
Disandangi sarwa putih
Amerga ora bisa mulih

Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah

Tumpa’ane kereta Jawa
Roda papat rupa menungso
Panggone ing jero guwa
Tanpo bantal tanpa klasa
Obat nyamuk ya ora ana

Diselehke ngalor ujure
Guane banget ciute
Ning kono ora ana lawange
Turu dhewe ra ana kancane

Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah

Ditutupi anjang-anjang
Diuruki trus disiram kembang
Yen neng donya ra gelem sembahyang
Disiksa peng pirang-pirang

Tangga-tangga padha sambang
Nggone nangis kaya nembang
Niku ngono imane kurang
Lha wong ngajine ya mung arang-arang

Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah
Ingat-ingatlah saudara
Hidup kita ada di dunia
Mengajilah penuh usaha
Sebelum kita meregang nyawa

Ingatlah jika sudah mati
Sudah waktunya tak terhindari
Berbusana kain mori
Jika pergi tak kembali

Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah

Kendaraannya hanya keranda
Beroda empat manusia
Tempatnya di dalam gua
Tiada bantal dan alasnya
Pengusir nyamuk pun tak ada

Digeletakkan tanpa daya
Sangat sempit ruangannya
Tanpa pintu tanpa jendela
Sendirian tak ada siapa

Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah

Ditutupi teralis kayu
Diurug tanah dan bunga layu
Jika di dunia tidak bertakwa
Pastilah kelak akan disiksa

Para tetangga pun bertandang
Menangisi sambil memandang
Dia itu imannya kurang
Karena itu ngajinya jarang

Shalatullah salamullah
‘Ala thaha rasulillah
Shalatullah salamullah
‘Ala yaa siin habibillah
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 12:03 AM

Dosa Ora Krasa Gubahan KH. Ma’ruf Islamuddin

Lirik Arti
Sitik-sitik ra ketoro
sue-sue dadi ceto
koyo wong tumindak doso
dilakoni sak mbendino

doso lantaran omongan
lantaran kuping lan moto
kadang-kadang ora kroso
mergo pancen wes kulino

sing ati-ati
kelawan waspodo
Menowo siro
do ngobrol karo konco

ngrasani tonggo
ngojah ala ne liyo
kadang ra rumongso
awake gawe doso

asyik omong-omong
karo ngrasani uwong
nganti ra sadar
amale banjur kecolong

ayo mumpung durung telat
enggal-engal podo tobat
tinimbang ono akhirat
siro mbesok nampa adzab

mung mergo doso sepele
lan ora dirasa’ake
nanging gede akibate
marang awake dewe
Sedikit-sedikit tak kentara
Makin lama makin nyata
Seperti halnya perbuatan dosa
Dilakukan setiap hari

Dosa karena lisan
karena pendengaran dan pengelihatan
Kadang-kadang tak terasa
Karena memang terbiasa

Yang hati-hati
dan waspada
Jika Anda
Bicara dengan teman

Menggunjing tetangga
Mengungkit jeleknya orang
Kadang tidak merasa
Diri ini berbuat dosa

Lagi asyik ngobrol
membicarakan orang lain
tidak sadar
Amalnya dikurangi

Ayo selagi belum terlambat
Mari cepat-cepat bertobat
Daripada di akhirat
Kelak akan kena adzab

Akibat dosa yang nampak sepele
lalu kita abaikan
Tapi besar konsekuensinya
Kena pada diri sendiri

Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 12:01 AM

Syi'ir Pengeling-eling: Ingat Peristiwa Kematian

Lirik Arti
"Poro sederek kita sedoyo,
jaler estri enom lan tuwo,
mumpung urip ning alam dunyo,
wektu shalat podho ilingo.

Ilingono yen tompo timbalan,
timbalane ora nganggo wakilan,
wakilane kang moho kuwoso,
yen gak gelem bakal dipekso.

Jujugane omah ing guwo,
tanpo bantal tanpo keloso,
omahe gak ono lawange,
turu ijen gak ono rewange.

Ditutupi anjang-anjang,
diurugi disiram kembang,
poro tonggo podho nyambang,
podho nangis koyo wong nembang."
:
"Eman temen wong ganteng ora sembahyang,
Nabi Yusuf ganteng yo tetep sembahyang.

Eman temen wong ayu ora sembahyang,
Siti Fatimah ayu yo tetep sembahyang.

Eman temen wong sugih ora sembahyang,
Nabi Sulaiman sugih yo tetep sembahyang.

Eman temen wong miskin ora sembahyang,
Nabi Ayub miskin yo tetep sembahyang."

"Allahumma sholi ‘ala Muhammad,
Yaa Robbi sholi alaihi wa salim.
Muslimin muslimat monggo jama'ah shalat,
ganjaranipun pitu likur derajat,
kangge sangune benjang dinten kiamat,
supados slamet saking sikso malaikat."

"Cilik-cilik diwuruk ngaji,
yen wis gede supoyo aji,
yen wis aji iso belani,
agomo Islam kang diridhani.

Agomo Islam Agomo suci,
wong gak sembahyang bakale rugi,
rugi donya ora dadi opo,
rugi akhirat bakal ciloko."
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 11:58 PM

Amantu Billahi Rukun Iman dan Artinya

Amantu Billahi Rukun Iman dan Artinya

Lirik Indonesia Inggris
Amantu billahi,

wa malaaikatihi,

wa kutubihi,

wa rusulihi,

wal yaumil akhiri,

wabil qodri khoirihi,

wa syariihi minallahi ta'ala.  
Aku percaya pada Allah,

dan malaikat-Nya,

dan kitab-Nya,

dan utusan-Nya,

dan Hari Akhir,

dan takdir baik

dan buruk dari Allah ta'ala.
I believed in God

in His angels,

in His Holy scriptures,

in His messengers,

in the Day of Judgement,

in everything good

and bad decreed from Allah.
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 11:56 PM

Syi'ir Arab: Maknani Jawa

الدعاء الشعرى
 للشيخ حميم جزولى بن عثمان جزولى
 بسم الله الرحمن الرحيم

Lirik Arti
يا حليم يا حنّان يا ملك يا مبين 
ولانطلب شيئا الاانت يا معين
Duh gusti ingkang aris asih kang angeratoni
Namung nyuwun ing tuan dzat ingkang mitulungi

ربنا استقم ذكرنا وذكرالغافلين 
واجمعنا فى الابرار خيارك الفائزين
Duh nyuwun langgeng dzikir soho dzikrulghofilin
Mugiho kitho kempal tiyang sae fa-izin

شكوناك ربنا باب ضعف نفسنا 
لتغفرنا غفار ولتحسننا
Duh gusti ngaturaken apese badan kulo
Mugi paring ngapunten lan sae dateng kitho

بدوام المعرفة ادم لقاءنا 
بحضرتك الهنا يا الهنا
Mugiho kulo langgeng ma’rifat dateng tuan
Tansah pinanggih kulo dateng ngarso pangeran

ساءلناك الاستقامة فى تذكرك 
واستقامتنا فى تشكر نعمك
Duh gusti nyuwun langgeng emut ing panjenengan
Soho tansah nyukuri sedoyo keni’matan

يا كريم يا كريم انعمنا بنعمتك 
يا ارحم الراحمين ارحمنا برحمتك
Duh gusti dzat kang lumo paringo keni’matan
Duh gusti ingkang asih paringo kawelasan

يا لطيف ياخبير نجنا من المحن 
يا قويّ يا متين انجنا من الاحن
Duh gusti ingkang welas kang kiyat lan waspodo
Nyuwun wilujeng saking sedoyo ponco boyo

ربّنا احسن لنا ظاهرا وبطنا 
مع حسن الظنّ بحضرتك يا منّان
Pangeran panjenengan dandosi kulo niki
Lahir bathin sarono manah sae kang suci

يا جليل بجللالك اثبت الايمان 
ربّنا خيرالمنزلين انزل المنن
Duh gusti moho agung nyuwun tetepe iman
Dateng kulo sedoyo paringo kanugerahan

ويا عليم اعط لنا علما معملا 
ولرعيّتنا علما يدخل الجنان
Pangeran moho perso nyuwun kulo sedoyo
Ilmu lan amal kulo dados mlebet suargo

بجودك يا جواد يا واحد يا صمد 
اجعلنا من الفائزين فوزافى الابد
Pangeran moho loman suwiji lan sinejo
Mugi kulo sedoyo dadoso tiyang bejo

يا سميع يا بصير يا واجد يا احد 
سائلناك نعمة لاتحصى انت المعاد
Duh gusti moho mireng mirsani lan ngijeni
Nyuwun kulo ing ni’mat ingkang tanpo ngitungi

وانت صاحب كن فيكون اذاارد 
ت شياء وجوده انت مريد المراد
Panjenengan lamun kerso wujudo nuli ono
Boten wonten alangan panjenengan lamun kerso

يا غنيّ يا حميد ويا رزّاق قد 
رجونا سلامتنا فى الدرين فقط
Duh gusti dzat kang sugih pinuji lan ngerzqeni
Nyuwun kulo ing slamet dunyo akherot sami

باسمك العظيم حصّل جميع ماقصد 
ناه من ذكرك والتشكر فى الاوقات
Kelawan asmo agung tuan mugi khasil sedoyo
Sejo sageto iling lan syukur sedoti kolo

ياعلي ياعظيم يا قهّاربفض 
لك سلّمتنا من الاهوال والافات
Duh gusti ingkang luhur agung murbo meseso
Nyuwun slamet kulo sedoyo saking poncoboyo

ياسلام ياسلام يا قاضي الحاجات 
يا رفيع ارفعنا عندك اعلى الدرجات
Duh gusti ingkang paring sedoyo hajat kulo
Mugi nginggahno kulo ing drajat luhur mulo

يا اوّل يا اخر ساءلناك بعد 
لك رضاء مقرونا بحسن الاعتقد
Duh gusti awwal akhir nyuwun kulo sedoyo
Karidhon tuan sartho baguse teqod kulo

ربّ ربّ العزة قنا من المفسدات 
سلّمنا من الاهوال ومن المهلكات
Pangeran moho luhur mugi paring pangrekso
Slamet saking sedoyo pekewoh lan pengrisak

لقد حقّ قولك المكتوب فى فرقنك 
من عرفك بجدّك لفى جنّتك
Sa-estu leres dawuh tuan wonten ing Qur’an
Sopo wonge ma’rifat mlebu suargo tuan

القران كلام الله كلام الله الحنّان 
وادخلنا بذلك فرديس الجنان
Al-Qur’an dawuh Alloh gusti kang moho welas
Mugi dados lantaran mlebet suargo firdaus

يا حفيظ يا نصير يا وكيل يا الله 
بارك لنا ولهم اجمعين يا الله
Duh gusti dzat kang ngrekso nulung lan kapercoyo
Mugi paringo berkah dateng kulo sedoyo

بجاه النبى صلّى الا له وسلّما 
عليه وال دام والحمد للاحد
Sholawat salam mugiho katur dateng jeng nabi
Keluargo lan sedoyo puji Lillahi robbi 
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 11:28 PM

Allahul Kaafi Rabbunal Kafi: Syi'ir Rukune Islam

اَللهُ الْكَافِى رَبُنَا الْكَافِى 
قَصَدْنَا الْكَافِى وَجَدْنَا الْكَافِى 
 لِكُلِ كَافٍ كََفَانَا الْكَافِى 
وَنِعْمَ الْكَافِى اَلحَمْدُ لِلهِ

Lirik Jawa Arti dan Lirik Indonesia
Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Para sedulur padha mrenea,
ayo sinau ngelmu agama
Kanthi lelagon syingiran jawa,
genjring rebana kang wis kaloka

Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Rukune Islam lima wernane,
pisan sahadat loro cacahe
Nglakoni salat kaping pindhone,
isak subuh luhur asar lan maghribe

Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Kaping telune menehi zakat,
zakatul fitri zakaatul maali
Marang sedulur kang wolung asnaf,
lamun bandhane genep saknisab

Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Kaping papate ramadon pasa,
jangkep sewulan tan kena cidra
Kaping limane ibadah haji,
wulan dzulhijjah mring tanah suci

Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah
Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Mari ke sini saudara semua
Ayo belajar ilmu agama
Dengan lantunan syiir Jawa
Seni rebana yang ternama

Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Rukun Islam jumlahnya lima
Satu sahadat harus dibaca
Tegakkan shalat yang nomer dua
Isya', Subuh, Dzuhur, Ashar, Maghrib juga
Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Menyumbang zakat yang nomer tiga
Zakat fitrah juga zakat harta
Pada saudara delapan asnaf
Jika harta genap senishab

Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Yang keempat puasa ramadhan
Tak boleh kurang dalam sebulan
Yang kelima ibadah haji
Bulan Dzulhijah ke Tanah suci

Allahul kaafi rabbunal kafi,
qashadnal kaafi wajadnal kaafi
Likulli kafin kafaanal kafi,
wa ni'mal kaafi alhamdulillah

Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 11:16 PM

Syi'ir Iyup-Iyupan: Tujuh Manusia di bawah Naungan Surga


حَدَّثَنَا مُحَمَّدُ بْنُ بَشَّارٍ بُنْدَارٌ قَالَ حَدَّثَنَا يَحْيَى عَنْ عُبَيْدِ اللَّهِ قَالَ حَدَّثَنِي خُبَيْبُ بْنُ عَبْدِ الرَّحْمَنِ عَنْ حَفْصِ بْنِ عَاصِمٍ عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ عَنْ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ سَبْعَةٌ يُظِلُّهُمْ اللَّهُ فِي ظِلِّهِ يَوْمَ لَا ظِلَّ إِلَّا ظِلُّهُ الْإِمَامُ الْعَادِلُ وَشَابٌّ نَشَأَ فِي عِبَادَةِ رَبِّهِ وَرَجُلٌ قَلْبُهُ مُعَلَّقٌ فِي الْمَسَاجِدِ وَرَجُلَانِ تَحَابَّا فِي اللَّهِ اجْتَمَعَا عَلَيْهِ وَتَفَرَّقَا عَلَيْهِ وَرَجُلٌ طَلَبَتْهُ امْرَأَةٌ ذَاتُ مَنْصِبٍ وَجَمَالٍ فَقَالَ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ وَرَجُلٌ تَصَدَّقَ أَخْفَى حَتَّى لَا تَعْلَمَ شِمَالُهُ مَا تُنْفِقُ يَمِينُهُ وَرَجُلٌ ذَكَرَ اللَّهَ خَالِيًا فَفَاضَتْ عَيْنَاهُ

Lirik Arti
Allahumma shalli wa-sallim ‘alaa
Sayyidina wa-maulana Muhammadin
Allahumma shalli wa-sallim ‘alaa
Sayyidina wa-maulana Muhammadin
‘Adadama fil ‘ilmillahi shalatan
Daaimatan bidawami mulkilahi
‘Adadama fil ‘ilmillahi shalatan
Daaimatan bidawami mulkilahi

Pitung werna manungsa sing oleh ridha
Anugerahe Gusti Allah ora liya
Ing akhirat kayup iyup wit suwarga
Ora mlocot kaya wong kang akeh dosa

Kaping sapisan para pemimpin ingkang adil
Kaping pindho wong nom-noman ora jahil
Kaping telune wong kasatriyan kerana Gusti
Kaping papate arep maksiat nuli wedi

Kaping lima seneng shodaqoh kanthi lila
Kaping enem marang masjid ati kasengsem
Kaping pitu eling dosa eling mala
Nuli nangis kaya wong disiksa

Mula dulur ayo eling lan waspada
Aja ngasih urip sepisan disiya-siya
Mula dulur ayo ndang padha tumandang
Mumpung durung amal kita padha ditimbang
Allahumma shalli wa-sallim ‘alaa
Sayyidina wa-maulana Muhammadin
Allahumma shalli wa-sallim ‘alaa
Sayyidina wa-maulana Muhammadin
‘Adadama fil ‘ilmillahi shalatan
Daaimatan bidawami mulkilahi
‘Adadama fil ‘ilmillahi shalatan
Daaimatan bidawami mulkilahi

Tujuh golongan manusia yang mendapat ridha
Tiada lain karena anugerah Allah semata
Di akhirat dinaungi pohon surga
Tidak melepuh kulitnya sebagaimana pendosa

Pertama: para pemimpin yang adil
Kedua: pemuda yang tidak jahil
Ketiga: dua lelaki yang mencintai karena Allah
Keempat: pemuda yang diajak maksiat lalu menolak karena takut pada Allah

Kelima: Yang selalu bershadaqah dengan rela
Keenam: Hati yang pada masjid jatuh cinta
Ketujuh: Yang selalu ingat dosa, ingat maksiat
Lalu menangis takut disiksa

Oleh karena itu, mari ingat dan waspada
Jangan sampai hidup sekali sia-sia
Karena itu mari lekas menjalankan
Selagi amal kita belum waktunya dihisab Tuhan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 11:08 PM

Maknani Tombo Ati

Tombo ati wonten 5 perkara:
  1. Maos kitab suci sak maknanipun
    Menawi diudari Maos : nggadahi maksud wonten tiga, inggih menika: 1. maos, 2. maos, lan 3. maos.
    Maos kaping setunggal nggadahi maksud manungsa menika nggadahi rasa dening ingkang Kuaos, inggih rasa ingkang wonten pribadi manungsa piyambak.
    Maos kaping kalih nggadahi maksud manungsa urip wonten alam donya mbonten piyambak ananging wonten sanak kadang, sedulur tebih lan sedulur raket (sedulur tuwo lan sedulur enom). Sedoyo menika kedahipun manungsa saged rumangsa lan ngrumangsani.
    Maos kaping tiga nggadahi maksud jangkebipun manungsa saged ngrasakake. Dene tembung ngrasakake nemahi maksud sampun ngertos piwulangan rasa lan rumangsa. Dados nglampahi urip dening alam donya saged ngatos-atos lan gadhah dasar utawi pondasi ingkang teteg.
    Kitab suci menika ajaran, tuntunan, tatanan, pedoman ingkang sae kangge bekal lan arah manungsa urip dateng alam donya ingkang kathah coba. Dados tembung rasa, rumangsa lan ngrasakake kedhahipun manunggal boten saged pisah-pisah.
    Tembung sak maknanipun ateges nglampahi lakon dateng alam donya ingkang kebak gebyaring pepinginan boten cekap ngertos piwulang (teori) mawon, ananging kedhah ngertos napa ingkang badhe dilakoni kanthi sabar lan ihklas. Sedoyo menika ngangge pondasi lan saka guru urip Eling, Sabar, Awas.

  2. Sholat utawi sembahyang wengi dilakoni
    Sholat utawi sembayang menika sarana tetiang komunikasi kalian Maha Kuaos. Dateng nginggil kasebut tembung wengi ateges wayah ndalu menika suasana sepi, ening, tetiang sami leren lan kathah ingkang sare. Wayah menika becik kangge ening pikir lan ening bathin tumuju dateng panyuwunan kalian Maha Kuaos. Sedoyo menika saged kalaksanan kedhahipun saged nyegah 7 perkara:
    • Sampun caroba kedah taberi sesuci
    • Sampun nguja dhahar
    • Ngembang unjukan
    • Kedah anyegah sare
    • Sampun receh ing wicara
    • Nyegah syahwat marang tiang wadon
    • Ojo bungah yen kabejan lan ojo susah yen kenasipan

  3. Wong kang sholeh dikumpuli
    Sholeh nggadahi teges liyanipun Iso Semeleh. Yen tiang semeleh saged nglenggahne jadi diri piyambak lan saged nglenggahne tiang liyanipun. Amargi sedoyo wicara lan lelakon tumprapipun urip dateng alam donya saged dados tuladha ingkang becik marang liyan. Tetiang menika saged ngudari rasa sejatinipun urip kangge adeg-adeg nglampahi lakon dateng jagad angen-angen.

    Weteng kudu wani luwe
  4. Tembung menika saged nggadahi maksud yaiku pasa (siam). Sejatinipun pasa (siam) ateges ngendalekake napsu 4 (papat) perkara lan nutupi babagan hawa 9 (sanga). Tiang ingkang saestu nglampahi pasa (siam) kedhah laku trima lan ngilangi kasenengan/srei dengki marang liyan

  5. Dzikir wengi ingkang suwe
    Tegesipun muja – muji dateng Maha Kuaos lan wayahipun ningali jadi diri piyambak sarana pangilon lakon ingkang sampun kalampahaken dateng wingking. Sedoyo menika saged ketingal ngangge sarana tapa. Dening tapanipun anggota badan yaiku :
    • Tapanipun mripat : nyegah sare lan kemilikan
    • Tapanipun kuping : nyegah suwara ala
    • Tapanipun irung : ojo ngambet barang liyan
    • Tapanipun cangkem : ngirangi dhahar lan ojo ngrasani liyan
    • Tapanipun purusa : ojo laku bandrek
    • Tapanipun tangan : ojo nyolong lan mendhet barang liyan
    • Tapanipun sikil : ojo laku kang ala lan mlampah tumuju panggenan ingkang becik
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 11:06 PM

Syi'ir Al-Malikul Haqqul Mubin

Siksa neraka
Siksa neraka
Lirik Arti
Laa ilaaha Illa Allah
Al-Malikul Haqqul Mubin
Muhammadur Rasulullah
Shadiqul Wa’dil Aamiin

Eling-Eling Sirah Manungsa
Lanang Wadon Sregepa Ngaji
Mumpung Durung Katekanan
Malaikat Juru Pati

Luwih Lara Luwih Sengsara
Rasane Wong Ana Ing Nraka
Klabang Kores Kalajengking
Klabang Geni Ula Geni

Rantai Geni Gadha Geni
Cawisane Wong Duraka
Anglerwakake Dawuh Gusti
Pangeran Kang Maha Mulya

Luweh Beja Luweh Mukti
Rasane Wong Ana Ing Swarga
Pitung Puluh Widadari
Kasur Babut Permadani
Tiada Tuhan selain Allah
Yang Maha Merajai, Maha Haq, Maha Terang
Muhammad rasul Allah
Yang memegang teguh janji, dan dapat dipercaya

Ingatlah wahai manusia
Rajinlah belajar agama
Sebelum engkau didatangi
Malaikat pencabut nyawa

Jauh lebih sakit dan sengsara
Rasa orang di dalam neraka
Kelabang Quraisy kalajengking
Kelabang api, ular api

Rantai api, gada api
Disiapkan untuk yang durhaka
Melupakan perintah Tuhan
Allah Yang Maha Mulia

Lebih beruntung lebih bahagia
Rasanya orang di dalam surga
Tujuh puluh bidadari
Bertelekan ranjang permadani
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:58 PM

Syi'ir Doa Gubahan Gus Miek (Khamim Jazuli)

Lirik Arti
Bismillaahir rokhmaanir rokhiim

yaa khaliim yaa khannan yaa maliku yaa mubin
walaa nathlubu syai-an illaa anta yaa mu’iin
Duh Gusti ingkang aris asih kang angrathoni
Namung nyuwun ing Tuan dzat ingkang mitulungi.

Robbanastaqim dzikroonaa wadzikrolghofiliin
wajma’naa fil-abroori khiyaarikal faa-iziin
Duh nyuwun langgeng dzikir soho dzikrolghofilin
Mugiho kitho kempal tiyang sahe faiziin.

Syakaunaa ka robbanaa baaba dhu’fi nafsinaa
li taghfirolanaa ghoffaaru walitukhsinanaa
Duh Gusti ngaturaken apese badan kulo
Mugi paring ngapunten lan sahe dateng kitho.

Bidawaamil ma’rifati adim liqoo-anaa
bi khadhrotika ilaahanaa yaa ilaahanaa
Mugiho kulo langgeng ma’rifat dateng Tuan
Tansah pinanggeh kulo dateng ngarso pangeran

Sa-alnaakal -istiqoomata fii tadzkkurik
was tiqoomatanaa fii tasyakkuri ni’amik
Duh Gusti nyuwun langgeng emut ing panjenengan
soho tansah nyukuri sedoyo keni’matan.

Yaa kariim yaa kariim an ‘imnaa bini’matik
yaa arkhamar rookhimiin irkhamnaa birokhmatik
Duh Gusti dzat kang lumo paringo keni’matan
Duh Gusti ingkang asih paringo kawelasan.

Yaa lathiifu yaa khobiir najjinaa minal mikhan
yaa qowiyyu yaa matiin anjinaa minal-ikhan
Duh Gusti ingkang welas kang kiyat lan waspodo
Nyuwun wilujeng saking sedoyo poncoboyo.

Robbanaa akhsillanaa dzohirow wabathinaa
ma’a khusnidzdzonni bikhadhrotika yaa mannaan
Pangeran panjenengan dandosi kulo niki
lahir bathin sarono manah sahe kang suci.

Yaa jaliilu bijalaalika atsbitil-iimaan
robbanaa khoirol munziliina anzilil minan
Duh Gusti moho agung nyuwun tetepe Iman
Dateng kulo sedoyo paringo kanugerahan.

Wa yaa ‘aliimu a’thi lanaa ‘ilmammu’malaa
waliro’iyyatinaa ‘ilmayyudkhilal jinaan
Pangeran moho persho nyuwun kulo sedoyo
‘Ilmu lan ngamal kulo dados mlebet suargo.

Bijuudika yaa jawaad yaa wakhidu yaa shomad
ij’alnaa minal faa-iziina fauzan fil-abad
Pangeran moho luman suci lan sinejo
Mugi kulo sedoyo dadoso tiyang bejo.

Yaa samii’u yaa bashiir yaa waajidu yaa akhad
sa-alnaaka ni’matallaatukhsho antal ma’aad
Duh Gusti moho mireng mirsani lan ngijeni
Nyuwun kulo ing ni’mat ingkang tanpo ngitungi.

Wa anta shookhibu kun fayakun idza arod
ta syai-aw wujudahu anta muriidul murod
Panjenengan lamun kerso wujudo nuli ono
Mboten wonten alangan panjenengan lamun kerso.

Yaa ghoniyyu yaa khamiidu wayaa rozzaaqu qod
rojaunaa salaamatanaa fiddaroini faqoth
Duh Gusti dzat kang sugih pinuji lan ngerzeqeni
Nyuwun kulo ing slamet dunyo akhirot sami.

Bi-ismikal ‘adziimi khashshil jamii’a maa qoshod
naahu min dzikrika wattasyakkuri fil -auqoot
Kelawan Asmo agung Tuan mugi khasil sedoyo
Sejo sagetho eleng syukur sediyo kolo.

Yaa ‘aliyyu yaa ‘adziimu yaa qohhaaru bifadh
lika sallamtanaa minal-ahwaali wal-aafaat
Duh Gusti ingkang luhur agung murbo meseso
Nyuwun slamet kulo sedoyo saking poncoboyo.

Yaa salaamu yaa salaam yaa qoodhiyal khaajaat
yaa rofii’ur fa’naa ‘indaka a’laddarojaat
Duh Gusti ingkang paring sedoyo khajat kulo
Mugi nginggahno kulo ing drajat luhur mulo.

Yaa awwalu yaa akhiru sa-alnaka bi’ad
lika ridhoo-am maqruunam bikhusnil-i’tiqood
Duh Gusti Awwal akhir nyuwun kulo sedoyo
Karidhon Tuan sartho baguse teqod kulo.

Robbi robbal’izzati qinaa minal mifsidaat
sallimnaa minal-ahwaali waminal muhlikaat
Pangeran moho luhur mugi paring pangrekso
Slamet saking sedoyo pekewuh lan pengrisak.

Laqod khaqqo qoulukal maktuubu fii furqoonik
man ‘arofaka bijaddika lafii jannatik
Saestu leres dawuh Tuan wonten ing Qur’an
Sopo wonge ma’rifat mlebu suargo Tuan.

Al qur’an kalaamulloh kalaamullohil khannaan
wa-adkhilnaa bidzaalika faroodiisal jinan
Al qur’an dawuh Alloh Gusti kang moho welas
Mugi dadoso lantaran mlebet suargo firdaus.

Yaa khafiidzu yaa nashiir yaa wakiilu yaa alloh
baarik lanaa walahum ajma’in yaa alloh
Duh Gusti dzat kang ngrekso nulung lan kapercoyo
Mugi paringo berkah dateng kulo sedoyo bijaahin

nabi shollal-ilaahu wasallamaa
‘alaihi wa-aalin daama walkhamdu lil-akhad
Sholawat salam mugiho katur dateng njeng nabi
Keluargo lan sedoyo puji LILLAAHI ROBBI
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:55 PM

Syi'ir Habib 'Umar Bin Ahmad Bin Smith

Lirik Arti
Bismillaahir rokhmaanir rohiim

Aamiin yaa alloh yaa rohman yaa rohiim
Antal jawaadul khalim wa anta ni’mal mu’in
Amiin yaa Alloh duh gusti kang melasi
panjenengan moho lumo aris lan mitulungi

Sa-altuka robbii shikhkhatal qolbi waljasad
wa ‘afiyatal-abdaani wal-ahli wal walad
Duh Gusti kulo nyuwun sehat manah lan rogo
Lan waras badan kulo putro lan keluargo.

Wa thuula khayaatin fii kamaalistiqootin
wa khifdzom minal-i’jaabi walkibri walkhasad
Lan panjang umur kanthi sampurno istiqomah
karekso saking ‘ujub gumede drengki manah.

Warizqon khalaalaw waasi’an ghoiro naaqishin 
yakuunu lanaa ‘aunan ‘alaa manhajir rosyad
Lan rizqi khalal ingkang jembar tan kekurangan 
Kang mitulungi kulo ing mergi kaleresan.

Wakhaqqoka ‘arifnii wawaffiq ilaahi lil
qiyaami bihi fadhlaw wajuudam ma’almadad
Duh gusti nyuwun ngertus dateng haq panjenengan
Sagetho njumenengi kanthi anugreg Tuan.

Wa ‘arrifni khaqqol mushthofa lilqiyaami bih
‘alaa maa tukhibbuhu watardhoohu yaa shomad
Lan nyuwun ngertus dateng khaqipun kanjeng Nabi
Sagetho njumenengi ingkang Tuan ridhoni.

Wa ‘arrifni khqqol muslimiina bi-asrihi
‘alayya wawaffiq lil qiyaami ‘alal abad
Lan mugi paring ngertus khaqipun tiyang islam
Sagetho njumenengi kulo dateng khaq adam.
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:47 PM

Syi’ir Gubahan Hj. Maryam Ahmad Musthofa

Lirik Arti
Ilaahi lastulil Firdausi ahlan
wala aqwa ‘ala naril jakhimi
Fahabli taubatan waghfir dzunubi
fainnaka ghofiruddzambil ‘adhimi

Duh yaa Robbi kulo nyuwun diparingi
Lesan kathah nderes Qur’an ingkang suci
Lan sageto kulo nderek dawuh Qur’an
Pejah kulo nyuwun Islam sarto Iman

Duh yaa Robbi kulo nyuwun remen nderes
Qur’an kelawan lahir batin ingkang leres
Qur’an iku panutane wong muslimin
Wal muslimat wal mu’minal wal mu’minin

Moco Qur’an agung banget paedahe
Namung kudu netepi toto kramane
Mergo akeh wong kang moco Qur’an tompo
Ing bebendu sebab ora toto kromo

Wus tumindak zaman kuno lan saiki
Moco Qur’an kito kudu ngati-ati
Nggepok Qur’an ora keno tanpo wudlu
Mulo siro ojo podho grusa grusu

Moco Qur’an kudu nanggo toto kromo
Ora keno sak penak’e lan sembrono
Biso ugo moco Qur’an nggo sembrono
Dadi jalarane kufur kapitunan

Yen pinuju ono uwong moco Qur’an
Kito kudu ngrungokake kang temenan
Yen ngrungokake mesti oleh ganjaran
Nyepelekke mesti tompo ing pasiksan

Mekruh zaman patang puluh dino ora
Khatam Qur’an ing sepisan wae ora
Wus cekak’e saben tahun ojo kurang
Ngatamake Qur’an kaping rong ambalan

Lamun khatam ing sak Qur’an pamacane
Iku enggal mustajab ing panyuwune
Ana ndunyo Alloh leh’e nyembadani
Ing utowo nemu bejo yen wus mati

Wong kang ahli moco Qur’an ora susah
Besuk ing dino qiyamat mesti bungah
Omah kanggo moco Qur’an jembar rizqine
Wong sing manggon jo samar susah atine

Allah mesti paring ati seneng ayem
Tentrem jenjem ati nrimo roso marem
Moco Qur’an senajan ora mangerti
Surasane mesti ginanjar sayekti

Syukur biso ngerti opo surasane
Iku ingkang banget agung ganjarane
Naming ojo podo udud lan caturan
Lahan ono sanding wong moco Qur’an

Mulo ayo poro konco ngaji Qur’an
Supoyo kito mbesuk tompo ganjaran
Ngaji tembung arab ojo podho lali
Supoyo mangerti Qur’an kang sayekti

Duh yaa Robbi kulo nyuwun diparingi
Saget ngamal ngelmu ingkang kulo tampi
Gusti Allah kulo nyuwun remen nderes
Qur’an kelawan lahir batin ingkang leres

Lan sageto kulo nderek dawuh Qur’an
Pejah kulo nyuwun Islam sarto Iman
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:33 PM

Astagfirullah Kyaai Sodrun

Lirik Arti
2x أَسْتَغْفِرُ اللهْ رَبَّ الْبَرَايَ * أَسْتَغْفِرُ اللهْ مِنَ الْخَطَايَا

Ya Allah Gusti, Nyuwun Pangaksami..
Sampun Dangu Kulo Ninggalke Agami

Infaq Shodaqoh Lan Kitab Suci,
Yuwun Tuntunan Illahi Robbi..

2x أَسْتَغْفِرُ اللهْ رَبَّ الْبَرَايَ * أَسْتَغْفِرُ اللهْ مِنَ الْخَطَايَا

Ya Allah Gusti, Kang Ndamel Jagad,
nGadah Bilahi, Kawulo Sambat

Punopo Cobo, Punopo Laknat..
Istiqosahan..Maos Sholawat

2x أَسْتَغْفِرُ اللهْ رَبَّ الْبَرَايَ * أَسْتَغْفِرُ اللهْ مِنَ الْخَطَايَا

Ya Allah Gusti, Kang Moho Tartil..
Paringo Iman Jujur Lan Adil

Negoro Aman Songko Wong Jahil..
Agomo Adoh Akale Kancil

2x أَسْتَغْفِرُ اللهْ رَبَّ الْبَرَايَ * أَسْتَغْفِرُ اللهْ مِنَ الْخَطَايَا  
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:29 PM

Syair Ngajak Golek ilmu: Kewajiban Menuntut Ilmu

صَلاَةُ اللهِ مَالاَحَتْ كَواَكِبْ
 عَلَى احْمَدْ خَيْرِمَنْ رَكِبَ النَّجَاءِبْ
 حَدَى حَادِى السُّرَى بِاسْمِ الحَبَاءِبْ
 فَهَزَ الشُّكْرُ اَعْطَافَا الرَّكاَءِبْ

Lirik Arti
Poro sedulur islam jaler istri
Ayo podho golek ilmu kang wigati
Ilmu agomo kanggo sangu mati
Sowan maring ngarsani kang Moho Suci

Eling-eling kito kabeh kudu eling
Kanjeng Nabi sampun pesen sampun meling
Podho cekelono dadekno pepeling
Yen wong islam wajib ngaji ojo mbeling

Waong kang akeh amal bagus in dunyane
Mbesuk bakale suwargo balesane
Papan panggonan kang sarwo ngepenakne
Panganan kang enak-enak disuguhne

Soho widodari ingkang ayu-ayu
Podho mapak karo mesem ngguya-ngguyu
Podho nggandeng ngerangkul lan ngrayu-ngrayu
Marang poro bapak ibu kang mas mbak yu

Mature sampun dangu kulo ngentosi
Kerawuan panjenengan dateng mriki
Kasur lan bantal sampun kulo cawisi
Yen ngajak turu bareng kulo turuti

Mendah banget senenge banget ayeme
Bejane wong kang akeh amal baguse
Widodari kang ayu dadi bojone
Yen ngladeni sarwo penak lan nglegakne

Podho guyonan koyo penganten anyar
Isih sore uwis ngajak mlebu kamar
Lawang ditutup banjur mateni damar
Turu bareng tumeko metune fajar

Cekap semanten atur saking kawulo
Menawi lepat kulo nyuwun ngapuro
Mugi gusti Alloh ingkang Moho Mulyo
Ngapuro dateng sedoyo doso kito   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:28 PM

Rukun dan Tepa Selira

Lirik Arti
Luwih becik guyub bebrayan
lan gotong royong kabeh gawean
ojo do ureg padu sulayan
banget sarune yen mireng liyan

Luwih becik do tepo seliro
dadi wong tuwo sugih ngapuro
dadi wong nom dugo kiro
siji-sijine jo gawe loro

bejo-bejo sing padha eling
sing ra bejo sing padha mbeling
Dzat kang gawe langit lan bumi
iku bakale ingkang ngukumi

mugi Alloh paringi gampang
dalan neroko anggenipun nyimpang
lan nggampangake anggenipun ngambah
dalan suwago gak duwe wegah

Ya Alloh Gusti kulo nyuwun
pinaringan gesang makmur
saget ngibadah lan saget syukur
nafsu syetan sageto mungkur...
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:24 PM

Syi'ir Jawa Para Kanca Shalat Berjamaah

Allahumma sholli wa salim ala sayidina wa maulana muhammadin  
Allahumman suril islam wal muslimin, 
Wa ahlaknal musrikina wa dzalimin 

Lirik bahasa Jawa Lirik bahasa Indonesia
Yo para kanca padha shalat berjamaah
Didhawuhi berjamaah saben wektu
Patang puluh dina berjamaah iku
Ana dhawuh bebas saking neraka pitu

Berjamaah shalat isya’ amadhani
Padha karo shalat sunat setengah wengi
Berjamaah shalat subuh amadhani
Padha karo shalat sunat sewengi-wengi

Sopo wong kang ora gelem berjamaah
Diumpamake wedhus kepencil ana sawah
Ana macan arep mangan ora wegah
Apa maneh setan nggoda ya rawegah..
Ayo saudara pergi shalat berjamaah
Sesuai anjuran kita harus istiqamah
Empat puluh hari shalat berjamaah
Selamatkan kita dari tujuh pintu neraka

Berjamaah shalat isya pahalanya
Sama dengan shalat sunat separuh malam
Jika ditambah shalat subuh berjamaah
Sama dengan shalat sunat satu malam

Barangsiapa berjamaah sembahyang
Diumpamakan kambing di tengah padang
Serigala lewat tak mau memakan
Setan pun akan segan bikin godaan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:19 PM

Syi'ir Eling: Hidup Hanya Sebentar

Lirik Arti
Wong urip sing tansah eling
ngrasuk agomo Islam sing mesti
ngamalake Al Quran tuntunan suci

La ila ha illallah
Muhammadur rosulullah
Sholatullah sala mullah
‘Ala thoha rosulillah
Sholatullah sala mullah
‘Ala yasin habi billah
‘Ala yasin habi billah
La ila ha illallah
Muhammadur rosulullah

Sing eling siro manungso
urip iki mung sedelo
Akeh luput lawan dosa
Inggal nyuwun pangapuro
marang Allah kang Kwoso

La ila ha illallah
Muhammadur rosulullah
Wiritane Ya Allah Ya Robbi
Nindakake solat ping limo sing mesti
manfaate ngurangi kabeh dosane

La ila ha illallah
Muhammadur rosulullah
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:18 PM

Ya Ilaahanaa: Istighfaar Mawas Diri

Lirik Arti
Yaa ilaahanaa idhfirlanaa dzunubanaa
Wa Sallimnaa fid-dunyanaa wa-ukhronaa

Duh gusti mugo kerso paring pangapuro
Doso kawulo ugi tiang sepoh sepoh kulo

Duh gusti mugi paring karaharjan lan mulyo
Wonten akhirat ugi donyo sak meniko

Poro sedulur Islam kabeh kang minulyo
Mangertenono wektu urip jo sio-sio

Ilmune dunyo ilmune donyo siro ajaro
Ilmu agomo ilmu agomo luwih prayogo

Sangune urip sangune urip golekono
Sangune mati sangune mati luweh utomo

Urip ing dunyo urip ing dunyo suwene piro
Manggon akhirot manggon akhirot ra bakal purno   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:09 PM

Syi'ir Shalawat Padhang Bulan Cipt. Al Habib Luthfi Bin Yahya

Lirik Arti
Allohumma sholli wasallim ‘alaa sayyidina wamaulanaa Muhammadin..
Allohumma sholli wasallim ‘alaa sayyidina wamaulanaa Muhammadin..
‘adada ma fi ‘ilmillaahi sholatan daimatan bidawami mulkillaahii…
sholatan daimatan bidawami mulkillaahii…

Lamun wong tuwo, lamun wong tuwo kliru ngimpine…
Alamat bakal, alamat bakal getun mburine…
Lamun wong tuwo, lamun wong tuwo kliru ngimpine…
Alamat bakal, alamat bakal getun mburine…
Wong tuwo loro kundur ing ngarso pengeran…
Anak putune rame-rame rebutan warisan… 2x

Wong tuwo loro ing njero kubur anyandhang susah…
Sebab mirsani putra putrine ora ibadah…
Wong tuwo loro ing njero kubur anyandhang susah…
Sebab mirsani putra putrine do pecah belah…
Kang den arep-arep yoiku turune rohmah…
Jebul kang teko, jebul kang teko nambahi fitnah… 2x

Iki dino ojo lali lungo ngaji, Takon marang kyai guru kang pinuji…
Iki dino ojo lali lungo ngaji, Takon marang kyai guru kang pinuji…
Enggal siro ora gampang kebujuk setan…
Insyaallah kito menang lan kebejan… 2x

Padhang bulan padhange koyo rino, rembulane sing awe-awe…
Padhang bulan padhange koyo rino, rembulane sing awe-awe…
Ngelengake ojo turu sore…
kene tak critani kanggo sebo mengko sore.. 2x
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:08 PM

Sya'ir Jawa Eman Khas 'Ahbaabul Musthofa'

Lirik Arti
Sholli wasallim daa iman 'alah mada-
Sholli wasallim daa iman 'alah mada-
Wal ali wal ashaabi man qod wah hada-
Wal ali wal ashaabi man qod wah hada

Eman lo wong Islam, ninggal Sholat wengi
Sak ben dalu turu, ora gelem tangi
Sholat wengi ngono, disenengi Gusti
Sopo gelem nyuwun, pasti di paringi

Sholat limang waktu, ayo podo njogo
Jama'ah nang masjid, bareng sak kluwargo
Ganjarane slawe, celengan suwargo
Malah biso dadi, pitu likur ugo

Yen Sholat kesusu, ora biso pernah
Rukuk lan sujude, ditoto sing genah
Sing khusyu' lan khudhur, ugo tumakninah
Ngerteni sing wajib, lan ngerti sing sunah

Yen rumongso sugih, itungen donyone
Bagiane Zakat, ojo dilalekne
Dulur karo tonggo, sing podo miskine
kabeh podo nunggu, zakat bagiane

Yen karo tonggone, Sing apik atine
Yen kahanan longgar, mikiro butuhe
Sajak perlu utang, enggal di peringne
Nanging ojo nganti, njaluk anak ane

Yen kahanan longgar, mikiro tonggone
Mikir ing butuhe, sing kanggo blanjane
Sajak perlu utang, enggal di peringne
Nanging ojo nganti, njaluk anak ane

Ayo do ngurangi, nonton televisi
Timbang nonton TV, luweh becik ngaji
"Ahbaabul Musthofa" wadah kanggo ngaji
Kumpul poro Habaib lan poro Kyai

Ayo bareng bareng mangkat pengajian
Kanti ati seneng arep Sholawatan
'Ahbaabul Musthofa' ngadakke rombongan
Colt brondol di Sewo urun mangewunan

Eman lo wong ngaji, campur lanang wadon
Campur lanang wadon, lamun dudu mahrom
Biso biso malah, nglakoni sing harom
Ilmu gak manfa'at, rusak malah klakon

Lanang karo wadon podo keluyuran
Pamit ning wong tuwo jare pengajian
Ing nyatane malah do pacar pacaran
budal soko ngaji do bonceng boncengan

Lanang karo wadon, manggon sepi sepi
Nyanding senggal senggol koyok kebo sapi
Ngunu kuwi duso, nurut poro nabi
Ojo di terusno, yen durung di rabi

Klambine you can see, utowo press bodi
Mbuka aurote, ora duwe wedi
Ngono kuwi podho, karo mbuka wadi
Bakal nrimo sikso, besuk yen wis mati

Akeh bocah podho, matur Tahlilan bid'ah
Akeh bocah podho, matur Yasinan bid'ah
Uwong Tuwo ora jawab sebabe susah
Durung durung anak iki kok ora genah

Akeh mantu podho, matur Sholawatan dosa
Akeh mantu podho, matur wiridan dosa
Morotuwo ora jawab sebabe kroso
Durung durung mantu, iki ternyata loro   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:03 PM

Shalawat Pujian Sehabis Shalat Tarawih

Lirik Arti
صلي الله علي النبي......
محمد....
شافع الخلق يوم القيامة ...
ربنا... ياربنا... ذنوبنا...
تقبل دعانا... هو الرحمن... هوالرحيم...

Siro ing sifat sampurno, sampurnane wong ngalam kabeh . . .

وجود.. قدام.. بقاء.. مخالفة للحوادث..
والقيام بنفسه.. وحدانية.. قدرة..
ارادة.. علم حياة.. سمع بصر..
كلام.. قادرا.. مريدا.. عليما..
حيا سميعا بصيرا متكليما...

Isun ngimanaken. Moloekat iku Kawolane Alloh . . . Utusane Alloh . . .
Kang werno-werno rupane . . Kang werno-werno gawene . . Werno-werno ngibadahe . . Tanpo syahwat tanpo nafsu . . Ora bopo ora ibu . . Ora langang ora wadon . . Ora mangan ora nginum . . Jisime jisem aluus bongso luhuur . .

اشهد ان لااله الا الله . .
واشهد ان محمد الرسول الله . .

Ngaweruhi ingsung setuhune ora ono ing pengeran kang sinembah . . Kelawan sak benere . . Kang wajib wujude . . Kang muhal 'adamee . . Kang mesti anane . . Ananging Alloh . .

Anekseni ingsung setuhune . . Kangjeng Nabi Muhammad iku . . Utusane Alloh . . Kawulane Alloh . . Kang romo sayyid Abdulloh . . Kang ibu dewi aminah . .

Engkang lahir ono mekkah . . Hijroh ing medinah . . Jumeneng ing medinah . . Gerah ing medinah . . Sedo ing medinah . . Sinarek'aken ing medinah . .
Bongsone bongso ngarob bongso Rosulll . . . Bongso luhur . .

اللهم صل علي محمد . . .
اللهم صل علي محمد . . .
وعلي اله . .
وعلي اله . .
وصحبه وسلم . .
الله رب اجعل هذا . .
بلدا امنا . .
الي رسو... ل الله.. وعليه وسلم . .
الفا تحة . . . .
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 10:01 PM

Syi'ir Siksa Neraka Nikmat Surga

لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهْ.. هُوَ اللَّهْ خَالِقُ الْعِبَادْ..
 مِنَ الْعَدَامْ وَإِلىَ الْوُجُودْ.. ثُمَّ الْعَدَامْ بَعْدَ الْوُجُودْ

Lirik Arti
Utawi iki ngalam kabeh.., awit ngaras sa’pengisore
Tumeko bumi…, sa’pitu.., sa’wijine wenang ngadame
Aku biyen ora ono…, Saiki dadi ono..
Besok maneh ora ono podo bali maring rohmatullah

Luwih loro luwih susah rasane wong nang neroko
Klabang kures.., kolo jengking
Klabang geni .., ulo geni..
Rante geni .., godo geni.., cawisane wongkang duso
Gumampang dawuh pengeran..
Podo gumampang tinggal sembahyang..

Luwih eco.., luwih mulyo rasane wong nang suwargo
Widodari patang puluh loro.., kasur babut mendut-mendut
Kursi gading ranjang kencono.., klambu sutro ditretes inten
Cawisane wongkang bekti maring pengeran kang moho suci
Ono tangis kelayu-layu
Tangise wong kang wedi mati
Digedogono, disucenono
Wong mati mung sa’wetoro   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:56 PM

Pepeling Gubahan Ki Anom Suroto

Lirik Arti
Wis wancine tansah dielengke
Wis wancine padha nindakake
Adzan wus kumandhang wayahe sembahyang
Netepi wajib dhawuhe Pangeran

Sholat dadi cagaking agama
Limang wektu kudu tansah dijaga
Kanti istiqomah lan sing tumakninah
Luwih sampurna yen berjamaah

Subuh Luhur lan Ashar
Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar
Magrib lan Isyak jangkepe
Prayogane ditambah sholat sunate

Ja sembrana iku prentah agama
Elingono ning ndonya mung sedhela
Sabar lan tawakal pasrah sing kuwasa
Yen kepingin mbesuk munggah swarga
Sudah saatnya, selalu diingatkan
Sudah saatnya, semua melakukan
Adzan telah berkumandang, saatnya shalat
Melaksanakan kewajiban, perintah Allah

Shalat menjadi tiang agama
Lima waktu harus senantias dijaga
Dengan istiqamah dan tuma'ninah
Lebih sempurna dengan berjamaah

Subuh, Dzuhur, dan Ashar
Sholat sejatinya menjauhkan diri dari perilaku munkar
Maghrib dan Isya' sempurnanya
Lebih baik jika ditambah sholat sunnahnya

Jangan sembarangan, ini perintah agama
Ingatlah di dunia ini sebentar saja
Sabar dan tawakal, pasrang pada Yang Maha Kuasa
Jika kelak ingin masuk surga
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:49 PM

Syi'ir Pujian Jawa Adaptasi Lingsir Wengi

Lirik Arti
Dzikir wengi sepi-sepi eling dosa
Ra kroso luh ing mata pada mili
Wiridane mung tasbehan lan dzikiran
Ra ngiro yen biso madhangke ati

Banjur yen tak tliti aku dewe kang ngingkari
Ing nikmate cilik gedhe tobat-tobat sopo
Rino wengi sing tak puji among gusti
Janjine oleh ganjaran kang mesthi.
kanan
Nada: Lingsir Wengi
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:48 PM

Langgar Wali: Nabi Palsu

Lirik Arti
Mas mas mas ojo podo lali
Mas mas mas nggolek sangu mati
Sangune mati ora rojo brono
Nanging iman ilmu amal sampurno
Jaga ahlake tur netepi ing agomo
Ra usah sing neko -neko

Kudu sing eling mas maring kang kuwoso
Ojo di tinggal kewajiban solat limo

Mas mas mas ojo podo lali
Mas mas mas akhir zaman iki
Akeh banget preman ngaku nabi
Reka-rekane tapa lan semedi
Saranene oleh wahyu ing gunung cimahi

Wis ora ngerti ing agomo
Iman opo maneh mas wis ora di gowo
Jarene nabi tulis arab ko ora ngerti   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:45 PM

Ora Gampang Ngaku Wong Islam: Islam KTP

Lirik Arti
Ora gampang ngaku wong islam
Yen uripe mas ra gelem sembahyang
Kuwi arane islam KTP
Islame nylempet ing dhompete

Mulo ayo podho nglakoni
Dhawuhe gusti kang moho suci
Kito nindake kabeh dhawuhe
Ojo naming sak kepenake

Limang waktu lakonono
Ojo mung tungkul luru donya
Donya iku mung sadhelo
Yen ketemu bakale lungo   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:43 PM

Shalawat Eling Kubur

Lirik Arti
Alhamdulillah pemuji kito,
Rohmat lan salam ing Nabi kito,
Soho ahline kabeh shohabat,
Kang podo manut Nabi Muhammad,

Puniko syi'ir, isi pitutur,
Kang ngelingake ing alam kubur,
Puniko syi'ir, isis pitutur,
Sinten kang ngagem kawulo syukur.

Bapak lan ibu kabeh dulurku,
Sanak kerabat lan kadang-kadangku,
Zaman saiki parek kiyamat,
Monggo sedoyo kerso taubat,

Mumpung durung, ketekan pati,
Lamun teko tan keno semayani,
Mumpung durung, ketekan pati,
Lamun wus mati ora biso bali.

Urip ing donya piro suwene,
Den upamak-ke mung mampir ngombe,
Mulo dulurku monggo ngelingke,
Ing awak dewe lan keluargane,

Supoyo ojo, lali asale,
Biyen ra ono, banjur mengkene,
Supoyo ojo lali asale,
Bakale sowan ing Pengerane.

Pecating nyowo banget larane,
Kadyo den pedang kabeh badane,
Kaping telung atus ambalane,
mengkono iku mungguh rasane,

Mulo dulurku ojo nglalekke,
Persiapan ing saben dinane,
Mulodulurku ojo nglalekke,
Siap-siap den cabut nyawane.

Lamun wus teko siro ing pati,
Nuli den dusi lan den ulesi,
Poro sedulur podo nyolati,
Sarto donga kanti mrebes mili,

Mergo ngelingi bakale mati,
Koyo kang nembe siro lakoni,
Mergo ngelingi, bakale mati,
Sowan ing Allah kang Moho Suci,

Tumuli jasad iro den gowo,
Maring kuburan numpak -e krendo,
Poro sedulur podo ngireng-ke,
Tumeko siro den sarek-ake,

Ono kuburan, amal koncone,
Olo lan becik, wektu uripe,
Ono kuburan, amal koncone,
Olo lan becik, den adepake.

Siro den tablek, lemah lan watu,
Ono dulurmu tancepi kayu,
Tancepan iku kanggo nengeri,
Menowo dulur arep ngeteri,

Wacanan Qur-an, Sholawat lan donga,
Supoyo siro oleh ngapuro,
Wacanan Qur-an, Sholawat lang donga,
Supoyo padang ing qubur iro.

Wong ahli becik, nikmat kubure,
Wong kang duroko banget susahe,
Mengkono iku sabab amale,
Podo nampani, opo nyatane,

Mulo dulurku, monggo ngakehke,
Amal kanggo sangu matine,
Mulo dulurku, monggo ngakehke,
Amal kang kanggo ing akhirote.

Amal kang becik ditindak-ake,
Sunat den tambah bakda wajibe,
Larangan-larangan den adohi,
Dosa-dosa kudu den tobati,

Kanti dedonga, nyueun pitulung,
Adang-adang ing rahmat kang agung,
Kanti dedonga, nyuwun pitulung,
Ing Allah kuasa kang Moho Agung,

Lamun wus teko, dino qiyamat,
Poro manungso den tangek-ake,
Perlu den dangu sarto den landrat,
Kabeh amale ono donyone,

Amal kang becik di tikelake,
Amal duroko kadar lakune,
Amal kang becik, ditikelake,
Rahmate Allah ing kawulane,

Mlebu suwargo telu carane,
Tanpo den hisab kabeh amale,
Kanti den hisab oleh ngapuro,
Kanti den hisab lan mampir neroko,

Kabeh wong islam, mlebu suwargo,
Panggonan nikmat ingkang den sejo,
Kabeh wong islam mlebu suwargo,
Panggonan nikmat sruwa sruwi lego,

Nikmating nikmat manggon suwargo,
Ati kumrenteg tumuli ono,
Panggonan indah sekabehane,
Panggonan padang wangi gandane,

Ahli suwargo banget mulyane,
Kumpul jeng Nabi lan Shohabate,
Ahli suwargo banget mulyane,
Manggon ing kono sak lawas lawase.

Allohu Robbi kang Moho Mulyo,
Mugi maringi dateng kawulo,
Soho Ahli lan poro konco,
Sedulur Islam kito sedoyo,

Mlebu suwargo, tanpo rekoso,
Hisabe enteng oleh ngapuro,
Mlebu suwargo, tanpo rekoso,
Syukur ing Allah kang Moho Lomo,

Allohu Robbi mugi ngabulno,
Ing panyuwunan kito sedoyo,
Mugi maringi bagus ing donya,
Lan akhirate sarto rinekso,

Asaking sikso lan panase neroko
Amina amin ya Alah amin.
Saking sikso lan panase neroko,
Amin Ya Allah Ya Robbal 'Alamin.
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:40 PM

Syi'ir Doa untuk Ibu Bapak

Lirik Arti
Allohummaghfirli waliwalidayya warhamhuma kama Robbayaani shaghiiiro 2x

Duh Alloh kang Mulyo Mugi ngapuntena Sedaya kalepatan ibu lan rama 2x

Ya Alloh Gusti kula nyuwun dados putra kang ahli bekti
Rama lan ibu ingkang ngrumati,didik mimpin kanti setiti

Ya Alloh GUsti kula nyuwun pinaringan bening ing fikir
Kagem ibadah lan dzikir,nafsu syetan sageta nyingkir

Ya Alloh Gusti kula nyuwun pinaringan panjang umur
Kagem ibadah lan syukur,nafsu syetan sageta mungkur

Ya Alloh Gusti kula nyuwun slamet ndunya lan akhirat
Klebet umat nabi Muhammad angsal safa’at rohmat lan nikmat

Ya Alloh Gusti kula nyuwun pinaringan rizki halal barokah
Kagem shodaqoh jariyah,kagem ziarah Medinah Mekah
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:38 PM

Syi'ir Rukun Wudlu dan Rukun Islam

لا إلـــــــــه إلا الله # لا إلـــــــــه إلا الله
 لا إلـــــــــه إلا الله # محمدٌ رسولُ الله

Lirik Arti
Utawi rukune wudhu
Iku nenem perkarane
Ingkang dingen iku niyat
Kaping pindho masuh rai

Kaping telu masuh asto kalih
Kaping papat ngusap sirah
Kaping lima masuh suku kalih
Kaping nenem iku tertib

Tegese tertib urut-urut
Tegese tertib urut-urut
Dinginaken perkara ingkang dingen
Ngereaken perkara ingkang keri
***
Utawi rukune islam
Iku lima perkarane
Ingkang dingen maca syahadat
Kaping pindo iku sholat

Kaping telu aweh zakat
Kaping papat poso wulan romadhon
Kaping lima munggah haji
Maring mekkah lamun kuwasa
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:27 PM

Syi'ir Petuah buat Kawula Muda

Lirik Arti
allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin

iki syingir ular-ular kang utama
kanggo para muda kang ngancik dewasa
kiniringan seni rodat salawatan
ngalab berkahe Njeng Nabi serta Pangeran

allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin

wadon mono pinilih telung prakara
kang kapisan piniji ayuning rupa
kaping pindho nggone ngibadah agama
kaping telu sokor bage sugih bandha

allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin

aja dumeh dadi lanang kudu menang
garwa iku mangka sigaraning nyawa
ana rembug becike padha dirembug
aja nganti cengkiling lan adu gebug

allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin

pratikele wong kang badhe pala krama
dudu bandha dudu rupa kang jinangka
satemene amung ati pawitane
ayem tentrem swargo ndonya salamine

allohumma sholli wa salim ala, sayidina wa maulana muhammadin
allohumman suril islam wal muslimin, wa ahlaknal musrikina wa dzolimin
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:25 PM

Syi'ir Eman-Eman: Teladan Kita dalam Beribadah

Lirik Arti
Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim

eman-eman temen wong bagus ora sembahyang 2x
kowe bagus endi karo kanjeng nabi Yusuf
kanjeng nabi Yusuf baguse tanpa tandingan

Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim

eman-eman temen wong ayu ora sembahyang 2x
apa ora isin karo Siti Zulaikha
Putri gandhes luwes ayune uleng-ulengan

Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim

eman-eman temen wong sugih ora sembahyang 2x
kowe sugih endi karo kanjeng nabi Sulaiman
kanjeng nabi Sulaiman sugihe tanpa wilangan

Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim

eman-eman temen wong pinter ora sembahyang 2x
kabeh tumindake ora nate gelem bener
janji dielingke alesane mubeng munyer

Allahumma sholli ala Muhammad
ya Rabbi sholli alaihi wasalim
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:21 PM

Ular - ular Penganten Anyar

Lirik Arti
Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal juudi wal karoomi

aduh senenge temanten anyar, ngagem busana sarwa gumebyar
kakung lan putri lenggahe jajar, sinawang kaya rembulan kembar

Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal ju di wal karoomi

penganten kakung kaya permadi, putrine ayu kaya srikandhi
loro krone rinengga asri, sinawang endah ngresepke ati

Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal ju di wal karoomi

layare manten tinata rapi, warnane lampu gili gumanti
yen kuning urip abange mati, sing abang urip kuninge mat

Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal ju di wal karoomi

kabeh tamune atur pandonga, kagem penganten siniram ridho
mugi enggala pinaring putra, sholeh solikah bekti wong tuwa

Ya Rasulallah salamun alaika, Ya Rofia syaani wad daroji
'Athfatan ya jirotal 'alami, Ya uhailal ju di wal karoomi
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:19 PM

Esuk-Esuk Uthuk-Uthuk: Syi'ir Jawa Menjelang Subuh

لا إلـــــــــه إلا الله # لا إلـــــــــه إلا الله
 لا إلـــــــــه إلا الله # محمدٌ رسولُ الله

Lirik bahasa Jawa Lirik bahasa Indonesia
Esuk-esuk uthuk-uthuk
Gununge katon ngregunuk
Genduk ojo ngantuk
Kae adzane wis nyeluk

Sisih wetan bang nerawang
Ojo padha ongkang-ongkang
Kakang menyang mblumbang
Sesuci nuli sembahyang

Sholat iku penggawe mulyo
Laku gampang ora rekoso
Lan ngilangake laku kang nistha
Mumpung isih pada ana ndonya

Tindake Nabi wajib den turut
Nyembah Allah kelawan sujud
Lan nindakake laku kang becik
Ngedohi laku ala lan musyrik
Dini hari bedug terdengar
Sosok gunung masih samar
Itu adzan berkumandang
Ayo Mbak pergi sembahyang

Di arah timur langit merona
Aduh jangan berleha-leha
Ayo Mas pergi ke sendang
Berwudlu lalu sembahyang

Shalat itu ibadah mulia
Amal yang mudah sederhana
Untuk hilangkan segala dosa
Selagi masih di dunia

Sunnah nabi kita amalkan
Bersujud pada Allah kita jalankan
Amal yang benar kita lakukan
Menjauhi  musyrik dan keburukan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:16 PM

Syi'ir Abu Nawas: Mohon Ampunan Dosa yang Bertumpuk

Lirik Arti
Ilaahi lastu lil-firdausi ahlaa 2x
Walaa aqwaa ‘alaa naril-jahiimi
Fahablii taubatan waghfir dzunuubii #
Fainnaka ghaafirundz-dzanbil ‘adhiimi

Dzunuubii mitslu a’dadil-rimaali 2x
Fahablii taubatan yaa dzal-jalali
Wa’umrii naaqishun fii kulli yaumin #
Wadzanbii zaaidun kaifa-timali

Duh Pengeran kula sanes ahli suwarga 2x
Nanging kula mboten kiat siksa neraka
Mugi gusti kersa paring pangapura
Namung gusti ingkang saget nglebur dosa

Dosa kulo kados segaraning wedi 2x
Mugi Gusti paring taubat kang sejati
Umur kula saben dina tansah suda
Dosa tambah kados pundi nggen kula nyangga
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:14 PM

Syi'ir Eling-Eling: Nasihat untuk Muslim

Lirik Arti
Allahumma shalli’alaa Sayyidinaa Muhammadin
Allahumma shalli’alaa Sayyidina Muhammadin

Eling-eling yo podho eling * Elingono amal lan dosa
Sak durunge siro diprikso * Luwih becik yo di siapno

Eling-eling kiamat sughro * poro ulomo akeh sing lungo
Poro manungso adoh agomo * Esok sore mikirne dunyo

Eling- eling tondo kang liyo * Koyo Dawuh Nabi marang kito
Mabuk-mabukan tur seneng zino * Anak wong tuwo royokan bondho

Eling-eling werno sing liyo * Wong ra duwe dadi wong agung
Wong wadon jumlahe malipat-lipat* wong lanang sithik akeh sing tamat

Eling-eling dulurku islam * podho islam ojo gothakan
Nggowo ayat kanggo dolanan * Kelakuane ra duwe Iman

Eling-eling tondo kang cetho * Duwite manak yen di utang
Watake srakah omah gedean * Ngumbar finah do kelewatan

Eling-eling kanggo kitho * Ayo sedulur enom lan tuwo
Ayo cepetan eling agomo * Mengko iing tembe ben ora soro
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:11 PM

Syi'ir Wayah Surup: Muhasabah Menjelang Petang

Lirik Arti
WAYAH SURUP

Wayah surup srengenge
Mangsane wong leren nyambut gawe
Ngibadah maghrib ojo dilaleake
Manembah marang Gusti kang Nitahake

Pamrih pinayungan ing Pangerane
Lumintu sandang panganre
Ayem tentrem sakluwargane
Bejo mulyo sak anak bojone

Ewodene isih ono manungso kang suwung imane
Katitik ngibadah dilirwaake
Ketunggkul ngumbar hawa nefsune
Mbanting kertu mungsuh moro tuwane

Ono maneh wong lanang nggandengan karo wong wadhon
Kamongko dudu bojone
Sak wayah wayah liwat dalan gedhe
Ora isin karo kanca-kancane
Ora pekiwuh karo kiwo tengene

E..E..e .mugo-mugo enggal diparingi eling marang Gusti kang nitahake...
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 9:00 PM

Syi'iran Aduh Senenge Pengantin Anyar

Ya Rasulallah salaamun ‘alaik (salamun ‘alaik), 
Ya rafi’asaani wadarajii 2x  
‘Atfatayaarji ratal ‘alaami, yauhailarjuu diwalkarami  
Yauhailarjuu, yauhailarju diwalkaramii 

Lirik bahasa Jawa Lirik Bahasa Indonesia
Aduh senenge pengantin anyar
Ngagem busana sarwo gumebyar
Kakung putrine timbang lan jajar
Sinawang kaya rembulan kembar

Aduh senenge wektu temonan
Kakung putrine pandeng-pandengan
Nuli lenggah jejer bebarengan
Ing sasana rinenggo sarwo kembangan

Daleme kebak tamu undangan
Nganti ngebaki kabeh ruwangan
Para peladen iring-iringan
Kabeh dikurmat dahar hidangan

Para sederek kula sedaya
Lan para bapak ibu kang mulyo
Mugi kersaha paring bantuan dunga
Marang Dzat kang Priksa Wuninga

Mugi pengantin sekaliyan
Anggenipun mangun bebrayan
Tansah pikantuk kawilujengan
Kairing pitedah lan pitulungan

Inggal pikantuk putra kang berkah
Sedaya wau sholih sholikhah
Gadhah bebuden lan lembah manah
Dateng tiyang sepuh bekthos lan genah...  
Aduh senangnya, pengantin baru
Pakai busana bagaikan ratu
Nampak serasi kedua mempelai
Bagai pangeran dan sang putri

Aduh senangnya, waktu bertemu
Beradu pandang dan penuh haru
Duduk bersimpuh dan berdampingan
Suasana semarak penuh hiasan

Rumahnya penuh tamu undangan
Hingga sesak seluruh ruangan
Para pelayannya beriringan
Tamu terhormat menyantap hidangan

Wahai saudari saudara semua
Serta Ibu Bapak yang berbahagia
Semoga berkenan berikan doa
Kepada Allah Yang Maha Mulia

Semoga mempelai berdua
Dalam hidup berumah tangga
Selalu mendapat kebahagiaan
Diberi petunjuk dan pertolongan

Segera dapat anak yang berkah
Putra putri yang shalih shalihah
Jujur dan sabar, berbudi pekerti
Pada orang tua, selalu berbakti

Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:58 PM

Syi'ir Eling-Eling Siksa Kubur

Lagu ini merupakan kasidah yang memuat pesan agar meningkatkan kewaspadaan diri akan pertangungjawaban setiap orang di hadapan Allah swt. Menurut para kasepuhan, sair ini diajarkan oleh KH Asyhari Lempuyangan. Kasidah ini masih sering dibaca dalam mengawali majelis-majelis pengajian sembari menunggu acara inti. Komunitas masyarakat sekitar Masjid Kagungan Dalem masih akrab dengan lagu ini.

Lirik Arti
لا اله الا الله محمد رسول الله ×2

Ling eling sira manungso
Temenana anggonmu ngaji
Mumpung durung den rawuhi
Moloikat jurupati

لا اله الا الله محمد رسول الله ×2

Luwih lara luwih susah
Rasane wong ning neraka
Klabang kuresy kolojengking
Klabang geni ulo geni

Rante geni gada geni
Cawisane wongkang duraka
Gumampang dhawuh Pangeran
Dasar tan manut parintah Tuan

لا اله الا الله محمد رسول الله ×2

Luwih mulya luwih mukti
Rasane wong ning suwarga
Pitungpuluh widodari
Kasur babut den cawisi

Cawisane wongkang bekti
Dhawuh pangeran kang Maha Suci
Mukmin lanang mukmin wadon
Mukmin iku sedherek kula

لا اله الا الله محمد رسول الله ×2

Agami Islam agami kula
Kitab Qur’an panutan kula
Mukmin lanang mukmin wadon
Mukmin iku sedherek kulo

اللهم صل على ÷ محمد شفيع الأنام
وآله وصحبه ÷ و سلم على الدوام
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:57 PM

Syi'ir Shalawatan Jawa Gubahan KH. Ali Maksum

Lirik Arti
Kulo sowan nang Pangeran
Kulo miji tanpo rencang
Tanpo sanak tanpo kadang
Bondho kulo ketilaran.

Yen manungso sampun pejah
Uwal saking griyo sawah
Najan nangis anak simah
Nanging kempal boten betah.

Senajan berbondho-bondho
Morine mung sarung ombo
Anak bojo moro tuwo
Yen wis nguruk banjur lungo.

Yen urip tan kebeneran
Bondho kang sa’ pirang-pirang
Ditinggal dienggo rebutan
Anak podho keleleran.

Yen sowan kang Moho Agung
Ojo susah ojo bingung
Janji ridhone Pangeran
Udinen nganggo amalan.
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:52 PM

Syi'ir Lajering Iman

Lirik Arti
فاعلموا أنه

La ilaha illallah x 3
Ha illallah, lajere
Lajere khudluring ati
Lajere khudluring ati

La ilaha illallah x 3
Ha illallah, lemahe
Lemahe iman lan dzikir
Lemahe iman lan dzikir

La ilaha illallah x 3
Ha illallah, oyote
Oyote tingkah tawadlu’
Oyote tingkah tawadlu’

La ilaha illallah x 3
Ha illallah, uwite
Uwite khauf lan roja’
Uwite khauf lan roja’

La ilaha illallah x 3
Ha illallah, epange
Epange keblat sekawan
Epange keblat sekawan

La ilaha illallah x 3
Ha illallah, godhonge
Godhonge puji lan syukur
Godhonge puji lan syukur

La ilaha illallah x 3
Ha ilallah, kembange
Kembange sabar narimo
Kembange sabar narimo

La ilaha illallah x 3
Ha illallah, uwohe
Begja donya akherate
Begja donya akherate   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:29 PM

Tasbih Hadiningrat: Rukun Iman

Bacaan Tasbih berikut juga tercantum dalam manuskrip Kraton Serat Waosan Puji. Selain berisi Tasbih, lagu berikut memuat prinsip-prinsip keimanan dalam Islam, kalimat Tahlil dan Shalawat Nabi. Lagu ini, di beberapa masjid Kagungan Dalam masih sering dibaca menjelang shalat Shubuh, meskipun kalimatnya sudah banyak yang mengalami distorsi. Selengkapnya sebagai berikut:

سبحان الله و بحمده
سبحان الله الله العظيم
عالمِ الغيب والشهادة
وينبئكم بما كنتم تعملون
آمنت بالله وملائكته ، وكتبه الله ورسله
 واليوم الآخر وبالقدر خيره 
وشره من الله تعالى

Lirik Arti
Niyat ingsun ngimanaken, ngimanaken Gusti Allah
Kaping pindho ngimanaken, ngimanaken moloikate Allah
Kaping telu ngimanaken, ngimanaken Kitabe Allah
Kaping papat ngimanaken, ngimanaken utusane Allah
Kaping lima ngimanaken, ngimanaken dina kang akhir
Kaping nenem ngimanaken, ngimanaken pesthene Allah
Pesthen becik pesthen ala, kabeh iku sangking Allah
Pesthen becik iman lan tho’at, pesthen ala kufur ma’shiyat

Tanbihun eling-eling, padha ngajiyo sira
Ngajiyo kalimat Arab, kanggo sangu ning akherat
Tanbihun eling-eling, padha ngajiyo sira
Ngajiyo lafal makna, kanggo sangu ning suwarga
kanan

اللهم صل على ÷ محمد شفيع الأنام
 وآله وصحبه ÷ و سلم على الدوام
 لآ الٰه الا الله ÷ الملك الحق المبين
 محمد رسول الله ÷ صادق الوعد الأمين
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:27 PM

Syi'ir Eling Shalat Gubahan KH. Ma’ruf Islamuddin: Ingat Shalat Lima Waktu

Lirik Arti
Allohumma sholli ‘ala Muhammad
Ya Robbi sholli ‘alaihi wasalim
Fii hubbi sayyidina Muhammad
Nuurul libadril huda mutammam

Para kanca ojo ninggal sholat ‘isyak
Mumpung isih iso ngobahno awak
Para kanca ojo ninggal sholat ‘isyak
Angelingono jagate arep rusak

Para kanca ojo ninggal sholat subuh
Supaya kasembadan sing di gayuh
Para kanca ojo ninggal sholat subuh
Angelingono jagade arep rubuh

Para kanca ojo ninggal sholat Luhur
Mumpung isih diparingi panjang umur
Para kanca ojo ninggal sholat Luhur
Angelingono siksane alam kubur

Para kanca ojo ninggal sholat asyar
Mumpung bumi langite isih gumelar
Para kanca ojo ninggal sholat asyar
Angelingono panase padang masyar

Para kanca ojo ninggal sholat maghrib
Angelingono jagade wis sempit
Para kanca ojo ninggal sholat maghrib
Angelingono diawasi Rokib Atid
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:21 PM

Syi'ir Isra’ Mi’raj Gubahan KH. Ma'ruf Islamuddin

Lirik Arti
SHOLATULLOH SALAMULLOH
‘ALA TOHA ROSULILLAH

SHOLATULLOH SALAMULLOH
‘ALA YASIN HABIBILLAH

Tanggal pitulikur wulan Rojab
Gusti njeng nabi Muhammad
Pinuju dipun timbali
Sowang ngadep Dzat kang maha Suci

Lampahipun wanci ndalu
Dumugi nginggil langit sab pitu
Akhiripun nampi wahyu
Sholat wajib limang wektu

Para muslimin muslimat
Mumpung durung ketekan sekarat
Ayo padha nindakna sholat
Supaya slamet ndunya akhirat
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:19 PM

Pitakonan Kubur: Pertanyaan di Alam Kubur

لا إلـــــــــه إلا الله # لا إلـــــــــه إلا الله لا إلـــــــــه إلا الله # محمدٌ رسولُ الله
Lirik Arti
Para sedulur mangertenono
Yen ing alam kubur bakal ono
Ono pitakon enem perkoro
Kudu biso anjawab siro

Kaping sepisan pitakonane
Gusti Pangeranmu iku sopo
Nuli njawabo kelawan cetho
Yen Gusti Alloh Pangeran kulo

Kang kaping pindho pitakonane
Sopo iku kanjeng nabi niro
Enggal njawabo kelawan cetho
Yen nabi Muhammad nabi kulo

Kaping telune pitakonane
Yo opo iku agomo niro
Njawabane ora ono liyo
Yoiku islam agomo kulo

Kang kaping papat pitakonane
Kiblat iro yoiku opo
Ka’batulloh iku kiblat kulo
Koyo mengkono njawabo siro

Kaping limone pitakonane
Yo opo iku panutan iro
Kitab Al-Quran njawabo siro
Yo iku kitab panuntun kulo

Kang kaping enem pitakonane
Yo sopo iku sedulur iro
Kaum kuslimin ugo muslimat
Yoiku kabeh sedulur kulo   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:18 PM

Syi'ir Da Elinga: Peringatan Akhir Zaman

اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ،
 عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ ا للَّهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللَّهِ..

Lirik Arti
Do elingo iki zamane wis tuwo
Tuntunan agomo do dianggep kuno
Lakonono ajarane wali songo
Sing ra kerso ojo nyacad ojo ngino

Ajarane wali songo werno-werno
Dzikir tahlil kirim dungo lakonono
Moco qur’an lan sholawat kuli’ noho
Ziaroh kubur ojo nganti dilale’no

Ono carane dakwah klawan budoyo
Umpamane koyo sunan kali jogo
Pituture mlebu ati ora kroso
Tuntunan Agomo biso di amalno

Wis kabukten rikolo zaman sa’mono
Akeh poro manungso nyembah braholo
Banjur sadar laku musyrik ditinggalno
Podo nderek ajarane wali songo    
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:17 PM

Syi'ir Kewajiban Orangtua

Lirik Arti
Astaghfirullah robbal barooya astaghfirulloh minal khotooya 2x

urip aneng ndonya ora salamine, den paribasakna amung mampir ngombe 2x
mula aja lali salat den tindakna, dzikir tahlil wirid nambahi sampura

Astaghfirullah robbal barooya, astaghfirulloh minal khotooya 2x

wajibe sang bapa marang garwa putra, aweh panuntun sajroning bebrayan 2x
Wiwit cilik mula padha dikenalna, maca alfatikhah nganti katam Quran

Astaghfirullah robbal barooya astaghfirullah minal khotooya 2x

Quran iku mono kalame Ilahi, yen kawaos bisa dadi tamba ati 2 x
tebih saking rasa serik srei drengki, pinaringan tentrem Allohumma Amin

Astaghfirulloh robbal barooya astaghfirulloh minal khotooya2x
kanan
Kedua
Lirik Arti
WONG TUWO

"Abot-abote dadi wong tuwo
duwe anak-anak duroko
wiwit cilik di gadang mulyo
mbasan gedhe ngisin-isinke wong tuwo

bocah-bocah jaman saiki
ganteng ayu gak gelem ngaji
seneng ngluyur awan lan bengi
yen pacaran nomer siji

mulo dulurku sedoyo
jaler estri enom lan tuwo
monggo-monggo sami waspodo
yen anak lungo ojo dijarno

luwih becik podo telaten
didik putro kudu sing open
budi pekerti ojo kelalen
besok tuwo bakale panen..."   
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:15 PM

Puji-Pujian Eling-Eling Aja Dumeh

صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ… صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ…
 وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ.. وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ..

Lirik Arti
Ojo dumeh pinter banjur do keminter 2x
Pinter yen ora bener uripe bakal keblinger 2x

Ojo dumeh ayu banjur do kemayu 2x
Elingono tuwomu ompong peyot ora ayu 2x

Ojo dumeh sugih banjur do semugih 2x
Bondo iku mung nyilih mbesuk bakale mulih 2x

Ojo dumeh mlarat banjur ragelem sholat 2x
Mlarat yen ora sholat rugi dunyo lan akherat 2x
kanan

Eling-Eling

Lirik Arti
Ojo dumeh siro uwis mulyo
sugih bondo mas picis raja brono
ora kelingan marang ingkang moho mulyo
donyo brono kuwi kenane lungo

Ojo dumeh siro wus kuwoso
njur adigang adigung adiguno
Ora kelingan marang ingkang gawe jagad
Pangkat drajat kuwi kenane minggat
Reff: 1
Eling-eling siro manungso
Urip ing ndoyo kuwi mung sadelo
Paribabase urip mung mampir ngumbe
printahe gusti ojo dilalekake

Eling-eling siro manungso
Sopo urip bakal ketekan pati
Urip mati kjuwi kagungane gusti
Sopo wae ora biso anyelaki
Reff: 2
Ojo dumeh siro wis mulyo
sugih bondo mas picis raja brono
ora kelingan marang ingkang moho mulyo
donyo brono kuwi kenane lungo

Ojo dumeh siro wus kuwoso
njur adigang adigung adiguno
Ora kelingan marang ingkang gawe jagad
Pangkat drajat kuwi kenane minggat
Reff: 3
Eling-eling siro manungso
Urip ing ndoyo kuwi mung sadelo
Paribabase urip mung mampir ngumbe
printahe gusti ojo dilalekake

Ojo dumeh siro wis mulyo
sugih bondo mas picis raja brono
ora kelingan marang ingkang moho mulyo
donyo brono kuwi kenane lungo
kanan
Written by: Kang Odin
Syiir, Updated at: 8:12 PM